Rabu, 15 Januari 2014

contoh pawarta

TAUNE TAMBAH, UTANGE SANSAYA TAMBAH

Taun 2013, taun sing akeh masalahe kanggo negara Indonesia. Khususe masalah ekonomi. Akhir-akhir iki, perekonomian negara Indonesia lagi ana ing tahap ngawatirake. Salah sijine sing nyebabake krisis ekonomi yaiku utang luar negri sing asale saka sektor swasta. Semana uga perusahaane negara lan yayasan. Jumlahe wis ana 27 persen saka gross domestic product saka Indonesia sing jumlahe wis ana 8.000 triliun. Semana uga, angka 27 persen kuwi angka sing mrawasi ati, amarga yen angka presentasi wis ana 30 persen, mangka perekonomian Indonesia wis positif ngalami krisis ekonomi.
Utang pemerintah marang luar negri kuwi ora ngawatirake, sing gawe miris kuwi utange sektor swasta sing suwe ora suwe iso dadi sillent killer utawa mateni alon-alon kaya sing kedadean ana ing taun 1998. Akehe utang sektor swasta iku ora liya disebabake akehe jumlah sing disilah sektor swasta marang bank luar negri. Sing dadi masalah ning kene, kenapa sektor swasta kuwi luwih seneng utang maring bank luar negri tinimbang bank negarane dewe. Mula kuwi, bank Indonesia mbatesi jumlah sing diutang perusahaan swasta marang bank luar negri. Namung ora iso ambekan tekan kana wae, yen utang sektor swasta sansaya akeh, beban keuangane negara sansaya munggah, amarga jumlah inflasi sansaya akeh. Anane jumlah inflasi sing sansaya akeh kuwi disebabake regane bahan bakar ora ida diunggahna. Padahal rego bahan bakar internasional kuwi munggah terus. Yen wis kaya mengkene, pemerintah sing bingung nangani. Yen arep diunggahna regane, akeh sing pada protes amarga rego-rego kebutahan-kebutuhan pokok tetep pada munggah kabeh. Yen wis munggah, rakyat Indonesia sing identik karo rakyat kere sansaya tambah kere. Anangin yen ora diunggahna, suwe ora suwe negarane dewe bakal disita marang luar negri amarga ora bisa bayar utange dewe.
Pengamat ekonomi Sri Adiningsih ngeramalna yen ing taun 2013 iki isih pada karo taun 2012, yaiku pertumbuhan ekonomi isih iso tetep tahan sekitar 6 sampek 6,5 persen. Pertumbuhan ekonomi iki iso luwih apik meneh yen iso diimbangi karo usahane pemerintah kanggo nambahi akses kelompok menengah bawah sing ana ing sektor perbankan. Yen wis ana tambahan saka kelompok menengah bawah kuwi, suwe ora suwe iso gawe sektor keuangan nasional tambah maju. Ananging mengkana isih akeh persoalan ekonomi. Luwih akeh masalahe tinimbang solusine. Yen pemerintah iso ngatasi pertumbuhan ekonomi munggah, nanging pemerintah uga iso ningkatna kemiskinan gara-gara krisis ekonomi. Suwe ora suwe biyen ana kabar yen bahan bakar arep diundakna, saiki wis kelakon mundak. Rego bensin sing asale mung 4500/liter, saiki mundak dadi 6500/liter. Yen diitung-itung ra ketang mundak mung 2000 rupiah wae, yen dipingke wae duwite wis ketok nyolok. Mundake bahan bakar iki mengaruhi rega-rega sing ana ing pasar. Misale wae rega beras sing asale sekitar 6500/kg, saiki wis sekitar 9000/kg. Rata-rata rega barang kebutuhan mundak kabeh. Yen wis ngono kuwi, masyarakat cilik khususe sing pertama sambat. Menawa wae 2014 mengka akeh sing ngalami bususng lapar gara-gara ora duwe duwit kanggo tuku beras. Lan ora kaget yen mengko kuburane ra nyukupi amarga akehe wong pada mati gara-gara lesu. Yen ana sing isih tahan urip, iku wae saka hasile ngerampok. Kahanan wis ora dalan meneh kanggo tahan urip saliyane wong sing duwe. Mung wong sing duwe gedung-gedung sing gedene ameh ngungkuli langit wae sing iso seneng-seneng karo duwike. Kahanan sing kaya mangkana, rakyat cilik sing kudune diperhatikna. Nanging mengkana, luwih apik maneh yen ana bahan bakar alternatif liyane sing regane luwih murah. Nging apa, Indonesia kuwi identik karo istilah konsumen sejati ora tau ngutak-atik apa sing durung ditemokna. Bede maneh karo negara-negara sing wis maju.
Ngomong-ngomong babagan krisis ekonomi sing lagi ana ing Indonesia akhir-akhir iki, Penyebab utamane kuwi iku gara-gara utang luar negri. Yen ora kakean utang, paling iya ora krisis kaya mengkene. Pemerintah ngundakna bahan bakar iki ora mung duweni tujuan bayar utang bae, nging uga ngurangi anane kendaraan. Saking akehe kendaran sing ana ing dalanan, iso nimbulake macet, kecelakaan lan sapiturute. Mula, yen bahan bakar subsidi di undakna, sak ora-orane kendaraan iso ngalih ing bahan bakar non-subsidi. Yen kahan wis kaya mengkana, masyarakat owel yen arep lunga-lunga. Lan iku iso ngurangi kendaraan sing ana ing dalanan. Ananging mengkana, ana ing sisi liyane wong cilik pada sambat. Barang akeh sing mundak, nanging upah mergawe ajeg ora melu diundakna. Sakjane, yen barang mundak upah uga mundak. Supaya wong cilik ora kuwalahen olehe nyambung uripe. Yen kahanan upah ajeg kaya mengkene, suwe ora suwe ana demo buruh-buruh pabrik sing jaluk diundakna gajine. Buruh kuwi butuh urip layake manungsa lumrahe. Wong-wong gede sing nguasai pasar dagang iso sak penake dewe karo rakyat cilik kaya buruh-buruh. Yen ora ana buruh, wong-wong gede ora mungkin iso tuku mobil marcedez, omahe apik-apik lan sapiturute. Mula, yen ana buruh pabrik demo kuwi wis wajar. Ora Indonesia yen ora ana demo. Masalah sing lagi diadhepi Indonesia iki ora masalah sing cilik. Gara-gara BBM mundak iso dadekna kisruhe negara. Sak ora-orane ana enem perkara sing dadekake kisruh sadurunge BBM diundakna. Pemerintah nanggepi yen alokasi subsidi BBM kuwi salah sasaran amarga 45,72 persen konsumen premium (BBM subsidi) yaiku golongan keles menengah atas sing nggunakake kendaraan roda papat lan mobil pribadi. Alesan liyane mundake BBM iku kanggo nyesuekna rega minyak dunia sing akhir-akhir iki tambah mundak regane bebarengan karo panase politik timur tengah. Rumangsa dadi negara sing ngimpor minyak sekitar 300 ewu saben dinane utawa 25% saka siji setengah juta barel total konsumsi saben dinane. Miturute pemerintah, kahanan kaya mengkana iku ngabotake APBN. Dasi, isa disimpilna yen alesan pertama kuwi salah sasaran lan alesan kaping pindo yaiku bebani APBN.
Ana enem perkara sing dadekake janggal saka rencanane pemerintah sing ngundakna BBM. Kabeh pihak sing katutan ndelikna saka media massa. Namung geludane wong-wong cilik, mahasiswa gelud karo polisi. Nanging, wong gede enak-enakan karo rega sing mundak. Kaya-kaya rega iki wis takdire mundak, ora ana sing ngundakna. Ya, iku sing jenge taktike wong duwuran sing maekna wong ngisoran.
Gampang yen arep digoleki sumber masalah iki yen gelem golek-golek info saka sumber sing kredibel. Kawit Oktober 2011 sampek Maret 2012 ana enem perkara sing ora dipublikna babagan masalah sing nyebabake BBM mundak, ana ing ngisor iki bakal diandharake sing nyebabna BBM mundak, yaiku:
1)      Rega minyak mentah dunia sing sabenere antarane 65 dolar saben barel, nanging ngopo pemerintah isih gunakake angka 105 barel saben barele? Pemerintah ora ngomong yen regane minyak dunia mundak 30% saka taun sadurunge amarga 64% transaksi dikuasani spekulator sing ana ing Wallstreet Amerika. Spekulator tuku ora kanggo didol, nanging kanggo didadekna judi yaiku minyak bumi sing dadi kartu remine. Mula rega dibarna duwur supaya spekulator ora rugi. Wong-wong kuwi yaiku, Citigroup, JP Morgan chase, Goldman sachs.
2)      Permintaan minyak dunia mudun sampek sekitar 15%, cadangan minyak munggah saka temuan Afrika. Ananging ngopo regane ora mudun? Ngerti kahanan kaya mengkana, pemerintah isih ora gelem ngomong. Iso wae iku mung wedi murahe regane big boss spekulator ing Washington, London lan Tel Aviv. Kabeh wong-wong iku sing paling duwe kedudukan karo regane minyak sak duwure 100 dollar saben barele.
3)      Kabar lambe yen regane minyak munggah gara-gara ana krisis politik antarane Amerika-Israel karo Iran. Nanging pemerintah tetep ora gelem ngomong yen wis dadi jembatan antarane pihak-pihak kasebut kuwi. Pemerintah ora tau ngomong apa-apa kaya-kaya ora ana masalah lan hasile uga kanggo kepentingan publik dunia.
4)      Tibaning sanksi ekonomi Amerika-Eropa maring Iran, mula Iran adole minyak paling murah kanthi bayare gampang. Isa entuk potongan 15% lan bayare uga isa nganggo rupiah dudu dollar. Ananging peluang iku ilang saking taate karo Washington. Semboyane Indonesia sing dadi negara bebas-aktif mung omong-omong lambe. Padahal, Pakistan, Rusia, India, China, Turki, Jepang lan Korea wis nyambut murahe minyak Iran.
5)      Ana ing APBN 2012 Rp 123,6 triliun dianggar kanggo subsidi BBM. Yen regane minyak mundak terus, isa-isa subsidi nyampek Rp 178,6 rupiah. Berati angka iki wis dadekake 12,4 persen saka total APBN Rp 1.439 triliun kanggo 240 juta wong Indonesia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar