Basa Jawa Suriname iku sawijining ragam utawa dhialèk basa Jawa sing
dipituturaké ing Suriname lan déning komunitas Jawa Suriname ing Walanda. Cacahé panutur kurang luwih ana
65.000 jiwa ing Suriname lan 30.000 jiwa ing Walanda[1]. Wong Jawa Suriname iki
katurunané kuli kontrakan sing dirodi saka Tanah Jawa lan saindhengé.
Sangkan
Paran
Ing pungkasané abad kaping 19,
pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo
nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé, pagawéyan iki dilakoni
déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing
abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha
ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para
kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté
dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong
Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda
pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris
manèh.
Banjur pamaréntah Walanda nyoba
nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan
Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa.
Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké
menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken,
senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna
aksara.
Tibaké program 'transmigrasi' saka
Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun
1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname.
Menawa Perang Donya II
ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.
Sangkan
Parané Wong Jawa ing Suriname
Ora kabèh wong Jawa sing digawa
menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong
Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga
mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.
Yèn dideleng saka asalé, kurang
luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10%
saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura
lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia
utawa Jakarta[2].
Banjur saka wong Jawa iki,
mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang
lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing
pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora
dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki
uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname
namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis
ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
Dhialèk
basa Jawa ing Suriname
Ing Suriname utamané namung ana siji
dhialèk waé. Nanging anané varian-varian tembung nudhuhaké yèn mbiyèn para
migran Jawa iki mituturaké dhialèk basa Jawa sing béda-béda.
Ing Suriname uga tau ana panutur
basa Jawa ngapag utawa basa Jawa Banyumasan. Nanging basa iki dianggep ora apik
lan para panuturé kerep diécé. Katurunané wong-wong sing nuturaké basa iki ora
nyinaoni manèh.
Pengaruh
basa liya
Kosakata basa Jawa ing Suriname akèh
dipengaruhi déning basa Walanda lan basa Sranan Tongo. Pengaruhé ing fonologi
lan tatabasa ora ana.
Tembung-tembung Sranan Tongo sing
wis diserep malah ana sing olèh tembung krama.
Fonologi
Fonologi basa Jawa ing Suriname ora
béda karo basa Jawa baku ing Tanah Jawa. Dhialèk Kedhu sing dadi leluhuré basa
Jawa Suriname iku fonologiné uga ora béda karo basa Jawa baku.
Nanging ana fénoména anyar ing basa
Jawa Suriname, yaiku prabédan antara foném dental lan rétroflèks (dantya lan
murdha (/t/ lan /d/ vs. /ṭ/ lan /ḍ/)) dadi saya ilang.
Pasang
aksara
Basa Jawa Suriname nduwé cara
panulisan sing séjé karo basa Jawa ing Tanah Jawa. Ing taun 1986, basa Jawa
Suriname olèh pasang aksara utawa cara pangéjaan sing baku. Ing ngisor iki
kapacak prabédané karo sistém Walanda sadurungé Perang Donya II lan karo éjaan
Pusat Bahasa ing Ngayogyakarta.
Pra
1942
|
Suriname
(1986)
|
Yogyakarta
(1991)
|
b
|
B
|
b
|
d
|
D
|
d
|
ḍ
|
D
|
dh
|
dj
|
J
|
j
|
g
|
G
|
g
|
h
|
H
|
h
|
j
|
Y
|
y
|
k
|
K
|
k
|
l
|
L
|
l
|
m
|
M
|
m
|
n
|
N
|
n
|
ng
|
Ng
|
ng
|
nj
|
Ny
|
ny
|
p
|
P
|
p
|
r
|
R
|
r
|
s
|
S
|
s
|
t
|
T
|
t
|
ṭ
|
T
|
th
|
tj
|
Ty
|
c
|
w
|
W
|
w
|
Banjur foném /a/ sing diucapaké kaya
[a] ditulis "â". Dadi tembung "macan" tinulis mâtyân
ing Suriname.
Krama
ing basa Jawa Suriname
Ing basa Jawa Suriname uga ana basa krama, nanging wis ora kaya ing Tanah Jawa manèh. Banjur générasi anom uga
wis akèh sing ora bisa basa krama.
Ing Suriname dibédakaké telung ragam
basa: yaiku "ngoko", "krama" lan "krama napis".
"Krama" iku yèn ing Tanah Jawa dadi mèmper "madya" lan
"krama napis" dadi mèmper "krama lan krama inggil".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar