Hana sira ratu Sang hābhī ngaran ira, ratu sūnyawangśa.
Ada ia raja SMB namanya, raja (dari) wangsa sunya.
Ana sawijining ratu asmane MB, ratu wangsa sunya.
Sira ta gawe aśwamedhayajña, lāwan rajasūya sātus; phala ning yajña nira mulih sireng swargaloka
Dialah berbuat/melakukan aswamedhayajnya (korban kuda), dan rajasuya seratus, hasilnya korbannya kembali ia ke surga.
Panjenengane nindakake aswamedhayajnya, lan rajasuya satus, asile korban panjenengane kondur menyang swarga.
Pira kunang lawas nireng swarga, nangkil ta sire Bhaṭāra Brahmā mwang sang dewatā kabeh paḍa nangkil.
Berapa lamanya di surga , menghadaplah ia kepada Bhaṭāra Brahmā dan semua dewa menghadap.
Pira suwene ing swarga, panjenengane ngadhe marang Bhaṭāra Brahmā lan kabeh dawa padha ngadhep.
Milu ta Dewī Ganggā nangkil.
Ikutlah dewi gangga menghadap.
Dewi gangga nderek ngadhep.
Kahaḍang pwa tapih nira kasingkab de ning hangin.
Kebetulan kainnya tersingkap oleh angin.
Dilalah jarike kebiyak (dening) angin.
Tumungkul sahana ni sang dewatā haneriya tanahyun tuminghala.
Menenduk semua dewa di situ tidak ingin (akan) melihat.
Kabeh dewa ing kono ndhingkluk/tumungkul ora kepengin mirsani.
Kunang Sang Mahābhīma sira tuminghal.
Adapun Sang Mahābhīma mirsani.
Dene Sang Mahābhīma mirsani.
Agělěng ta Bhaṭāra Brahmā mulati sira.
Marahlah Bhaṭāra Brahmā melihat ia.
Bhaṭāra Brahmā duka mirsani panjenengane.
Śināpa nira ta ngjanmā mānuṣa, kastrī Sang Ganggā, apan tan yogya prawṛtti ning dewatā ngkana.
Dikutuknyalah agar (supaya) menjelma manusia, memperisteri DG, sebab/karena tidak pantas tingkah laku dewa demikian.
Disepatani supaya njilma (dadi) manungsa, nggarwa DG, sebab ora pantes tumindake dewa demikian.
manastāpa Dewī Ganggā, an kěna śāpa de Bhaṭāra Brahmā.
Sedih DG sebab kena kutukane Bhaṭāra Brahmā.
DG sedhih sebab kena sepatane Bhaṭāra Brahmā.
Tumurun ta Dewī Ganggā sangkeng swarga.
Turunlah DG dari surga.
DG mudhun saka swarga.
Kawit kapanggih Sang Aṣṭabasu de nira, kěna śāpa de Bhagawān Wasiṣṭha niṣṭarūpa hilang kadewatān ira. takwan ta Dewī Ganggā, ling nira:
Pertama kali bertemu SA olehnya, terkena kutukan BW buruk rupa hilang kedewaannya. Bertanyalah DG, katanya:
Sepisanan panjenengane ketemu SA, kena sepatane BW rupane ala ilang kadewane. DG ndangu, tembunge:
“Kamung Hyang Aṣṭabasu, kadi prihati gatinta. Aparan laranta rūkṣāwayawa?”
Kamu SA, seperti sedih keadaanmu. Apa sedihmu keadaanmu. Apa sedihmu (sehingga) kurus badanmu?
Kowe SA, kaya sedhih kahananmu. Apa (sing ndadekeke) sedhihmu (kok nganti) kuru awakmu?
Paḍa suhur Sang Aṣṭabasu hetu ning lara, ling nira:
Menjawab SA sebabnya sedih, katanya:
SA padha semaur/mangsuli sebabe sedhih, tembunge:
“Hana sira Ṛṣi Wasiṣṭha ngaran ira.
Ada beliau RW namanya.
Ana panjenengane RW asmane.
Sira ta kalěmbu i Sang Nandinī.
Beliaulah berlembu SN.
Panjenengane kagungan sapi SN.
Inalap mi tekang lěmbu.
Dicuri kamilah itu lembu.
Sapi kuwi takcolong.
Agělěng ta sira, śumāpa nghulun dadya manūṣa.”
Marahlah beliau, mengutuk saya agar menjadi manusia.
Panjenengan duka, nyepatani aku (kabeh) supaya dadi manungsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar