Buletin
Basa Jawa




ORA DIAJENI, BASA JAWA DIOWAHI
Minangka salah sijine pelajaran muatan lokal ing
sekolahan-sekolahan,basa jawa kaya-kaya dibedak’ake karo pelajaran
liya-liyane.Bab iku iso di mengerteni saka akeh sithik’e jam pelajaran basa
jawa sing ana ing sekolahan kuwi. Misale kanggo nentokake jumlahe jam pelajaran
kuwi di dhasarke saka jenis pelajaran basa jawa minangka muatan lokal.
Kena apa padha-padha pelajaran muatan lokal,seni
budaya akeh duweni jam pelajaran di bandingake basa jawa?
Senajan ora kabeh sekolah nerapake
kayamangkana,nanging miturut panalithen kang wis di anakake dening tim
redaksi,akeh sekolahan kang nganggo sistem jam pelajaran basa jawa luwih sithik
tinimbang seni budaya.
Panalithen kuwi dianak’ake ana ing telung
sekolahan,yaiku MAN Lasem,SMA 1 Pamotan,SMA 2 Wonogiri.Hasile,loro saka telung
sekolahan kuwi guna’ake jam pelajaran basa jawa luwih sithik saka pelajaran
seni budhaya.
Yaiku MAN Lasem lan SMA 2 Wonogiri.Pelajaran basa jawa
namung duweni 1 jam pelajaran saben minggune.Dene seni budhaya duweni 2 jam
pelajaran saben minggune.
WITING TRISNA JALARAN
SAKA KULINA
WITING KRAMA JALARAN
SAKA PIWULANG WONG TUA
Basa
jawa, salah sijine basa daerah sing ana ing wilayah Indonesia. Basa Jawa kuwi
basa sing endah, uga duweni aneka ragam dialek.
Basa Jawa yen diruntutke kuwi duwe
tingkatan tutur. Basa Jawa kaperang dadi papat, yakuwi basa ngoko lugu, ngoko
alus, krama lugu, lan krama alus. Basa Jawa ngoko digunakake yen guneman karo
kancane dhewe. Basa ngoko alus digunakake yen kepenging ngeweki pakurmatan karo
sapadha-padha. Krama lugu digunakake ing pacelathon karo wong sing durung
akrab. Dene basa krama alus digunakake marang wong sing luwih tua utawa sing
luwih dhuwur pangkate.
Nanging, basa Jawa saiki wis mulai
kesingkir ana ing wilayahe dhewe. Generasi mudha Jawa wis akeh sing ora bisa
nggunakake basa Jawa sing bener lan pener, uga ana generasi mudha sing ora
ngerti unggah-ungguh utawa tata kramane wong Jawa. Malah uga ana sing rumangsa
isin menawa
nggunakake basa Jawa, miturute basa Jawa kuwi basa sing katrok, utawa kerep disebut basa sing ora gaul. Janjane basa sing
gaul kuwi basa sing kaya kepriye ?
Miturut kedadean nyata sing dialami
dening masyarakat Jawa saiki, apa lan sapa sing bisa disalahake ?
Merosote panganggonan basa Jawa kuwi
ora bisa langsung dilepatake karo salah siji bab. Kuwi mesti amarga ana
kalepatan ing bab-bab sing ora mung siji wae. Contohe wae, bocah-bocah cilik
saiki, wong tua wis arang sing menehi piwulang bab basa krama marang
anak-anake. Padahal, wong tuwa kuwi dadi panutan dening anak-anake. Mula saiki
bocah-bocah cilik wis arang nggunakake basa krama menawa guneman karo bapak
ibune. Malah sok-sokan ana saperangan bocah sing ngomong ora lumrahe karo wong
tuane. Misale ana bocah sing nyosotake wong tuwane menawa kekarepane ora
dituruti.
Kuwi lagi mung saka keluarga. Yen
didelok saiki, ana ing sekolah Taman Kanak-kanak (TK), bocah-bocah wis diwarahi
basa Inggris, nanging ora ana piwulang basa Jawa. Pengantar guru yen lagi
menehi piwulang wae gawa basa Indonesia, ya wis lumrahe menawa bocah-bocah
cilik mung duweni pengetahuan sitik bab basa krama.
Ora mung saka kuwi, akeh sing
njalari kenapa basa Jawa saiki wis arang digunakake. Nanging bab loro kuwi wis
bisa didadekake tuladha.
Yen
kita kepengin ngowahi tata cara piwulange guru-guru TK kaya sing wis dipaparake
ing dhuwur, kuwi mesthi ora gampang. Ya, salah siji cara sing bisa dilakoni ya
kuwi ngowahi piwulang saka keluarga. Mbok menawa kaya unen-unen witing tresna
jalaran saka kulina, yen bocah wis diwarahi nggunakake basa krama wiwit cilik,
wis mesthi bocah bakal seneng nggunakake basa krama. Bapak ibune kudu
sregep-sregepe menehi piwarah marang anak-anake supaya nggunakake basa krama.
Pungkasane, bapak ibu kuwi kunci
kanggo nylametake budaya basa Jawa sing wis wiwit lumuntur ana ing wilayahe
dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar