Rabu, 15 Januari 2014

contoh pawarta

TAUNE TAMBAH, UTANGE SANSAYA TAMBAH

Taun 2013, taun sing akeh masalahe kanggo negara Indonesia. Khususe masalah ekonomi. Akhir-akhir iki, perekonomian negara Indonesia lagi ana ing tahap ngawatirake. Salah sijine sing nyebabake krisis ekonomi yaiku utang luar negri sing asale saka sektor swasta. Semana uga perusahaane negara lan yayasan. Jumlahe wis ana 27 persen saka gross domestic product saka Indonesia sing jumlahe wis ana 8.000 triliun. Semana uga, angka 27 persen kuwi angka sing mrawasi ati, amarga yen angka presentasi wis ana 30 persen, mangka perekonomian Indonesia wis positif ngalami krisis ekonomi.
Utang pemerintah marang luar negri kuwi ora ngawatirake, sing gawe miris kuwi utange sektor swasta sing suwe ora suwe iso dadi sillent killer utawa mateni alon-alon kaya sing kedadean ana ing taun 1998. Akehe utang sektor swasta iku ora liya disebabake akehe jumlah sing disilah sektor swasta marang bank luar negri. Sing dadi masalah ning kene, kenapa sektor swasta kuwi luwih seneng utang maring bank luar negri tinimbang bank negarane dewe. Mula kuwi, bank Indonesia mbatesi jumlah sing diutang perusahaan swasta marang bank luar negri. Namung ora iso ambekan tekan kana wae, yen utang sektor swasta sansaya akeh, beban keuangane negara sansaya munggah, amarga jumlah inflasi sansaya akeh. Anane jumlah inflasi sing sansaya akeh kuwi disebabake regane bahan bakar ora ida diunggahna. Padahal rego bahan bakar internasional kuwi munggah terus. Yen wis kaya mengkene, pemerintah sing bingung nangani. Yen arep diunggahna regane, akeh sing pada protes amarga rego-rego kebutahan-kebutuhan pokok tetep pada munggah kabeh. Yen wis munggah, rakyat Indonesia sing identik karo rakyat kere sansaya tambah kere. Anangin yen ora diunggahna, suwe ora suwe negarane dewe bakal disita marang luar negri amarga ora bisa bayar utange dewe.
Pengamat ekonomi Sri Adiningsih ngeramalna yen ing taun 2013 iki isih pada karo taun 2012, yaiku pertumbuhan ekonomi isih iso tetep tahan sekitar 6 sampek 6,5 persen. Pertumbuhan ekonomi iki iso luwih apik meneh yen iso diimbangi karo usahane pemerintah kanggo nambahi akses kelompok menengah bawah sing ana ing sektor perbankan. Yen wis ana tambahan saka kelompok menengah bawah kuwi, suwe ora suwe iso gawe sektor keuangan nasional tambah maju. Ananging mengkana isih akeh persoalan ekonomi. Luwih akeh masalahe tinimbang solusine. Yen pemerintah iso ngatasi pertumbuhan ekonomi munggah, nanging pemerintah uga iso ningkatna kemiskinan gara-gara krisis ekonomi. Suwe ora suwe biyen ana kabar yen bahan bakar arep diundakna, saiki wis kelakon mundak. Rego bensin sing asale mung 4500/liter, saiki mundak dadi 6500/liter. Yen diitung-itung ra ketang mundak mung 2000 rupiah wae, yen dipingke wae duwite wis ketok nyolok. Mundake bahan bakar iki mengaruhi rega-rega sing ana ing pasar. Misale wae rega beras sing asale sekitar 6500/kg, saiki wis sekitar 9000/kg. Rata-rata rega barang kebutuhan mundak kabeh. Yen wis ngono kuwi, masyarakat cilik khususe sing pertama sambat. Menawa wae 2014 mengka akeh sing ngalami bususng lapar gara-gara ora duwe duwit kanggo tuku beras. Lan ora kaget yen mengko kuburane ra nyukupi amarga akehe wong pada mati gara-gara lesu. Yen ana sing isih tahan urip, iku wae saka hasile ngerampok. Kahanan wis ora dalan meneh kanggo tahan urip saliyane wong sing duwe. Mung wong sing duwe gedung-gedung sing gedene ameh ngungkuli langit wae sing iso seneng-seneng karo duwike. Kahanan sing kaya mangkana, rakyat cilik sing kudune diperhatikna. Nanging mengkana, luwih apik maneh yen ana bahan bakar alternatif liyane sing regane luwih murah. Nging apa, Indonesia kuwi identik karo istilah konsumen sejati ora tau ngutak-atik apa sing durung ditemokna. Bede maneh karo negara-negara sing wis maju.
Ngomong-ngomong babagan krisis ekonomi sing lagi ana ing Indonesia akhir-akhir iki, Penyebab utamane kuwi iku gara-gara utang luar negri. Yen ora kakean utang, paling iya ora krisis kaya mengkene. Pemerintah ngundakna bahan bakar iki ora mung duweni tujuan bayar utang bae, nging uga ngurangi anane kendaraan. Saking akehe kendaran sing ana ing dalanan, iso nimbulake macet, kecelakaan lan sapiturute. Mula, yen bahan bakar subsidi di undakna, sak ora-orane kendaraan iso ngalih ing bahan bakar non-subsidi. Yen kahan wis kaya mengkana, masyarakat owel yen arep lunga-lunga. Lan iku iso ngurangi kendaraan sing ana ing dalanan. Ananging mengkana, ana ing sisi liyane wong cilik pada sambat. Barang akeh sing mundak, nanging upah mergawe ajeg ora melu diundakna. Sakjane, yen barang mundak upah uga mundak. Supaya wong cilik ora kuwalahen olehe nyambung uripe. Yen kahanan upah ajeg kaya mengkene, suwe ora suwe ana demo buruh-buruh pabrik sing jaluk diundakna gajine. Buruh kuwi butuh urip layake manungsa lumrahe. Wong-wong gede sing nguasai pasar dagang iso sak penake dewe karo rakyat cilik kaya buruh-buruh. Yen ora ana buruh, wong-wong gede ora mungkin iso tuku mobil marcedez, omahe apik-apik lan sapiturute. Mula, yen ana buruh pabrik demo kuwi wis wajar. Ora Indonesia yen ora ana demo. Masalah sing lagi diadhepi Indonesia iki ora masalah sing cilik. Gara-gara BBM mundak iso dadekna kisruhe negara. Sak ora-orane ana enem perkara sing dadekake kisruh sadurunge BBM diundakna. Pemerintah nanggepi yen alokasi subsidi BBM kuwi salah sasaran amarga 45,72 persen konsumen premium (BBM subsidi) yaiku golongan keles menengah atas sing nggunakake kendaraan roda papat lan mobil pribadi. Alesan liyane mundake BBM iku kanggo nyesuekna rega minyak dunia sing akhir-akhir iki tambah mundak regane bebarengan karo panase politik timur tengah. Rumangsa dadi negara sing ngimpor minyak sekitar 300 ewu saben dinane utawa 25% saka siji setengah juta barel total konsumsi saben dinane. Miturute pemerintah, kahanan kaya mengkana iku ngabotake APBN. Dasi, isa disimpilna yen alesan pertama kuwi salah sasaran lan alesan kaping pindo yaiku bebani APBN.
Ana enem perkara sing dadekake janggal saka rencanane pemerintah sing ngundakna BBM. Kabeh pihak sing katutan ndelikna saka media massa. Namung geludane wong-wong cilik, mahasiswa gelud karo polisi. Nanging, wong gede enak-enakan karo rega sing mundak. Kaya-kaya rega iki wis takdire mundak, ora ana sing ngundakna. Ya, iku sing jenge taktike wong duwuran sing maekna wong ngisoran.
Gampang yen arep digoleki sumber masalah iki yen gelem golek-golek info saka sumber sing kredibel. Kawit Oktober 2011 sampek Maret 2012 ana enem perkara sing ora dipublikna babagan masalah sing nyebabake BBM mundak, ana ing ngisor iki bakal diandharake sing nyebabna BBM mundak, yaiku:
1)      Rega minyak mentah dunia sing sabenere antarane 65 dolar saben barel, nanging ngopo pemerintah isih gunakake angka 105 barel saben barele? Pemerintah ora ngomong yen regane minyak dunia mundak 30% saka taun sadurunge amarga 64% transaksi dikuasani spekulator sing ana ing Wallstreet Amerika. Spekulator tuku ora kanggo didol, nanging kanggo didadekna judi yaiku minyak bumi sing dadi kartu remine. Mula rega dibarna duwur supaya spekulator ora rugi. Wong-wong kuwi yaiku, Citigroup, JP Morgan chase, Goldman sachs.
2)      Permintaan minyak dunia mudun sampek sekitar 15%, cadangan minyak munggah saka temuan Afrika. Ananging ngopo regane ora mudun? Ngerti kahanan kaya mengkana, pemerintah isih ora gelem ngomong. Iso wae iku mung wedi murahe regane big boss spekulator ing Washington, London lan Tel Aviv. Kabeh wong-wong iku sing paling duwe kedudukan karo regane minyak sak duwure 100 dollar saben barele.
3)      Kabar lambe yen regane minyak munggah gara-gara ana krisis politik antarane Amerika-Israel karo Iran. Nanging pemerintah tetep ora gelem ngomong yen wis dadi jembatan antarane pihak-pihak kasebut kuwi. Pemerintah ora tau ngomong apa-apa kaya-kaya ora ana masalah lan hasile uga kanggo kepentingan publik dunia.
4)      Tibaning sanksi ekonomi Amerika-Eropa maring Iran, mula Iran adole minyak paling murah kanthi bayare gampang. Isa entuk potongan 15% lan bayare uga isa nganggo rupiah dudu dollar. Ananging peluang iku ilang saking taate karo Washington. Semboyane Indonesia sing dadi negara bebas-aktif mung omong-omong lambe. Padahal, Pakistan, Rusia, India, China, Turki, Jepang lan Korea wis nyambut murahe minyak Iran.
5)      Ana ing APBN 2012 Rp 123,6 triliun dianggar kanggo subsidi BBM. Yen regane minyak mundak terus, isa-isa subsidi nyampek Rp 178,6 rupiah. Berati angka iki wis dadekake 12,4 persen saka total APBN Rp 1.439 triliun kanggo 240 juta wong Indonesia

buletin basa jawa



Buletin Basa Jawa
TINSAWA
                                                      04/05/2013
ORA DIAJENI, BASA JAWA DIOWAHI

Minangka salah sijine pelajaran muatan lokal ing sekolahan-sekolahan,basa jawa kaya-kaya dibedak’ake karo pelajaran liya-liyane.Bab iku iso di mengerteni saka akeh sithik’e jam pelajaran basa jawa sing ana ing sekolahan kuwi. Misale kanggo nentokake jumlahe jam pelajaran kuwi di dhasarke saka jenis pelajaran basa jawa minangka muatan lokal.
Kena apa padha-padha pelajaran muatan lokal,seni budaya akeh duweni jam pelajaran di bandingake basa jawa?
Senajan ora kabeh sekolah nerapake kayamangkana,nanging miturut panalithen kang wis di anakake dening tim redaksi,akeh sekolahan kang nganggo sistem jam pelajaran basa jawa luwih sithik tinimbang seni budaya.
Panalithen kuwi dianak’ake ana ing telung sekolahan,yaiku MAN Lasem,SMA 1 Pamotan,SMA 2 Wonogiri.Hasile,loro saka telung sekolahan kuwi guna’ake jam pelajaran basa jawa luwih sithik saka pelajaran seni budhaya.
Yaiku MAN Lasem lan SMA 2 Wonogiri.Pelajaran basa jawa namung duweni 1 jam pelajaran saben minggune.Dene seni budhaya duweni 2 jam pelajaran saben minggune.






WITING TRISNA JALARAN SAKA KULINA
WITING KRAMA JALARAN SAKA PIWULANG WONG TUA


Basa jawa, salah sijine basa daerah sing ana ing wilayah Indonesia. Basa Jawa kuwi basa sing endah, uga duweni aneka ragam dialek.
            Basa Jawa yen diruntutke kuwi duwe tingkatan tutur. Basa Jawa kaperang dadi papat, yakuwi basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Basa Jawa ngoko digunakake yen guneman karo kancane dhewe. Basa ngoko alus digunakake yen kepenging ngeweki pakurmatan karo sapadha-padha. Krama lugu digunakake ing pacelathon karo wong sing durung akrab. Dene basa krama alus digunakake marang wong sing luwih tua utawa sing luwih dhuwur pangkate.
            Nanging, basa Jawa saiki wis mulai kesingkir ana ing wilayahe dhewe. Generasi mudha Jawa wis akeh sing ora bisa nggunakake basa Jawa sing bener lan pener, uga ana generasi mudha sing ora ngerti unggah-ungguh utawa tata kramane wong Jawa. Malah uga ana sing rumangsa

isin menawa nggunakake basa Jawa, miturute basa Jawa kuwi basa sing katrok, utawa kerep disebut basa sing ora gaul. Janjane basa sing gaul kuwi basa sing kaya kepriye ?
            Miturut kedadean nyata sing dialami dening masyarakat Jawa saiki, apa lan sapa sing bisa disalahake ?
            Merosote panganggonan basa Jawa kuwi ora bisa langsung dilepatake karo salah siji bab. Kuwi mesti amarga ana kalepatan ing bab-bab sing ora mung siji wae. Contohe wae, bocah-bocah cilik saiki, wong tua wis arang sing menehi piwulang bab basa krama marang anak-anake. Padahal, wong tuwa kuwi dadi panutan dening anak-anake. Mula saiki bocah-bocah cilik wis arang nggunakake basa krama menawa guneman karo bapak ibune. Malah sok-sokan ana saperangan bocah sing ngomong ora lumrahe karo wong tuane. Misale ana bocah sing nyosotake wong tuwane menawa kekarepane ora dituruti.
            Kuwi lagi mung saka keluarga. Yen didelok saiki, ana ing sekolah Taman Kanak-kanak (TK), bocah-bocah wis diwarahi basa Inggris, nanging ora ana piwulang basa Jawa. Pengantar guru yen lagi menehi piwulang wae gawa basa Indonesia, ya wis lumrahe menawa bocah-bocah cilik mung duweni pengetahuan sitik bab basa krama.
            Ora mung saka kuwi, akeh sing njalari kenapa basa Jawa saiki wis arang digunakake. Nanging bab loro kuwi wis bisa didadekake tuladha.
Yen kita kepengin ngowahi tata cara piwulange guru-guru TK kaya sing wis dipaparake ing dhuwur, kuwi mesthi ora gampang. Ya, salah siji cara sing bisa dilakoni ya kuwi ngowahi piwulang saka keluarga. Mbok menawa kaya unen-unen witing tresna jalaran saka kulina, yen bocah wis diwarahi nggunakake basa krama wiwit cilik, wis mesthi bocah bakal seneng nggunakake basa krama. Bapak ibune kudu sregep-sregepe menehi piwarah marang anak-anake supaya nggunakake basa krama.
            Pungkasane, bapak ibu kuwi kunci kanggo nylametake budaya basa Jawa sing wis wiwit lumuntur ana ing wilayahe dhewe.

           




Selasa, 14 Januari 2014

Basa Jawa ing Suriname


Basa Jawa Suriname iku sawijining ragam utawa dhialèk basa Jawa sing dipituturaké ing Suriname lan déning komunitas Jawa Suriname ing Walanda. Cacahé panutur kurang luwih ana 65.000 jiwa ing Suriname lan 30.000 jiwa ing Walanda[1]. Wong Jawa Suriname iki katurunané kuli kontrakan sing dirodi saka Tanah Jawa lan saindhengé.
Sangkan Paran
Ing pungkasané abad kaping 19, pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé, pagawéyan iki dilakoni déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris manèh.
Banjur pamaréntah Walanda nyoba nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa. Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken, senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna aksara.
Tibaké program 'transmigrasi' saka Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun 1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname. Menawa Perang Donya II ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.
Sangkan Parané Wong Jawa ing Suriname
Ora kabèh wong Jawa sing digawa menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.
Yèn dideleng saka asalé, kurang luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10% saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia utawa Jakarta[2].
Banjur saka wong Jawa iki, mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
Dhialèk basa Jawa ing Suriname
Ing Suriname utamané namung ana siji dhialèk waé. Nanging anané varian-varian tembung nudhuhaké yèn mbiyèn para migran Jawa iki mituturaké dhialèk basa Jawa sing béda-béda.
Ing Suriname uga tau ana panutur basa Jawa ngapag utawa basa Jawa Banyumasan. Nanging basa iki dianggep ora apik lan para panuturé kerep diécé. Katurunané wong-wong sing nuturaké basa iki ora nyinaoni manèh.
Pengaruh basa liya
Kosakata basa Jawa ing Suriname akèh dipengaruhi déning basa Walanda lan basa Sranan Tongo. Pengaruhé ing fonologi lan tatabasa ora ana.
Tembung-tembung Sranan Tongo sing wis diserep malah ana sing olèh tembung krama.
Fonologi
Fonologi basa Jawa ing Suriname ora béda karo basa Jawa baku ing Tanah Jawa. Dhialèk Kedhu sing dadi leluhuré basa Jawa Suriname iku fonologiné uga ora béda karo basa Jawa baku.
Nanging ana fénoména anyar ing basa Jawa Suriname, yaiku prabédan antara foném dental lan rétroflèks (dantya lan murdha (/t/ lan /d/ vs. /ṭ/ lan /ḍ/)) dadi saya ilang.
Pasang aksara
Basa Jawa Suriname nduwé cara panulisan sing séjé karo basa Jawa ing Tanah Jawa. Ing taun 1986, basa Jawa Suriname olèh pasang aksara utawa cara pangéjaan sing baku. Ing ngisor iki kapacak prabédané karo sistém Walanda sadurungé Perang Donya II lan karo éjaan Pusat Bahasa ing Ngayogyakarta.
Pra 1942
Suriname (1986)
Yogyakarta (1991)
b
B
b
d
D
d
D
dh
dj
J
j
g
G
g
h
H
h
j
Y
y
k
K
k
l
L
l
m
M
m
n
N
n
ng
Ng
ng
nj
Ny
ny
p
P
p
r
R
r
s
S
s
t
T
t
T
th
tj
Ty
c
w
W
w
Banjur foném /a/ sing diucapaké kaya [a] ditulis "â". Dadi tembung "macan" tinulis mâtyân ing Suriname.
Krama ing basa Jawa Suriname
Ing basa Jawa Suriname uga ana basa krama, nanging wis ora kaya ing Tanah Jawa manèh. Banjur générasi anom uga wis akèh sing ora bisa basa krama.
Ing Suriname dibédakaké telung ragam basa: yaiku "ngoko", "krama" lan "krama napis". "Krama" iku yèn ing Tanah Jawa dadi mèmper "madya" lan "krama napis" dadi mèmper "krama lan krama inggil".