Rabu, 09 Oktober 2013



Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Esuk iki langite katon isih peteng. Pedhute kandel banget lan hawane uga adhem banget. Nanging kuwi kabeh ora hyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang Pasar. Sanadyan gaweyan iku abot nanging Bu Umi ora tau ngresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umin duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan ilham putrane Bu Umin luwih-luwih urio melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk, Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasa, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan Ilham menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat Sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, Saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayaken golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk, Nanging Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau. 
"Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?" pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
"Aku nggoleki ibuku." semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
"Hla ibumu sapa? Kpriye bisa pisah karo ibumu?" Bu Umi takon maneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguhmenyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
"Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen." semaure bocah kuwi.
"Hla wis sida tuku permen?" pitakone Bu Umi karo njupuk  wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung godheg lan malah tambah banter nangise.
"Oo.. ya wis nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik. Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?" welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen sanadyan regane larang Rp. 5000 nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kuwi kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung Bu Umi marani ibu-ibu mau.
"Nyuwun sewu menapa panjenengan nembe madosi putranipun?" pitakone Bu Umi mau marang ibu-ibu kuwi.
"Inggih leres, Bu menapa panjenengan mangeryos anak kula?" ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.s putranipun  panjenengan?" pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
"Ya ampun Dhuk, kowe ning ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget." Bu Nurul ngono asmane ibu-ibu kuwi langsung nggendhong anake kuwi mau sing orang nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
"Matur nuwun sanget nggih Bu, amargi sampun njagi anak kula. "Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem bungah.
"Inggih Bu sami-sami" wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata Ilhamm nyusul menyang pasar amarga kepingin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham.

Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing nglebokake pohung ning bagor. Ing batine Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan sragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah bayar, amarga bayaranmu kuwi, Nanging Ibu saiki durung duwe dhuwit sing genep kanggo mbayar . Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik, Dadi yen dina iki ibu entuk silihan dhuwit sesuk kowe bisa mbayar buku lan sragam.” Ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“Inggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu, dadi kowe ora usah njaluk ngapura.” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang Ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe, ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
 Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tanda mlebu wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telat mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor TU lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepingin mbiyantu mbayar buku lan sragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Naliki bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Burul, amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget lan kanggo rasa ngurmati Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi Bu Nurul wektuana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njaga anak kula wonten peken.” Pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa.” Ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah menawi kados mekaten, kula mngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika Bu.” Wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matuir nuwun dhateng panjenengan.” Ngendikane Bu Nurul
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tuminake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthu kaya menakono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae dilakoni ing donya iki mesthi bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur ya kuwi sing bakal diundhuh.
Penulis: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar