Budaya Jawa
Wayang wong, mujudaké salah sawijining budaya Jawa
Budaya Jawa iku pranataning
uripé wong Jawa nuju
kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn
bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné
cara nuduhaké pakeming tumindak ingpurwa, madya, lan wusana ning kahanan. Uripé wong Jawa
tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné
dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan
nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.
Sub Budaya Jawa
Jawa Wétanan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Wetan
Sub budaya Jawa Wétanan iku sing umumé ana ing
provinsi Jawa
Wétan. Sub budaya iki sebagéyan dipengaruhi budaya Madura lan
sebagéyan manèh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhané kaya déné sing dianut suku Tengger lan suku Osing.
Jawa Tengahan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Tengah
Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wétan
provinsi Jawa Kulon lan sisih kuloné Jawa Wétan. Umumé dipengaruhi budaya sing
urip ning kratonan.
Jawa Banyumasan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Banyumasan
Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon
provinsi Jawa Tengah.
Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut nilai-nilai egaliter,cablaka lan baworan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar