Rabu, 02 Oktober 2013

GEGURITAN


Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.   Tulisan ingkang awujud tatahan
2.   Kidung utawi tembang

Nggurit tegesipun :
1.   Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2.   Nglakokaken tembang utawi kidung

Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
   Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten ngandap menika:

1.     Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra
2.     Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3.     Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4.     Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5.     Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6.     Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7.     Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8.     Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9.     Syair-syair dhapur sonata
10.  Syair bebas

B.    JINISIPUN GEGURITAN

Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas

Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:
a.    Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit”nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak.
Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2. Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritangagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.

Contoh geguritan:
SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…

DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Sidoarjo, 2007

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

BABAD WEDHI PESISIR

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar




Tidak ada komentar:

Posting Komentar