Panglaris
“Anyar ya mas nang
kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi
ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging
thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke
kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak,
nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas.
Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren
olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas,
menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi
jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa
tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang
jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora
ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono,
Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane
kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga
sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko
menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener.
Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya
ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku
dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku
menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh
karo guyonan.
Paimin, seneng
ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka
nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak,
bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur
alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake
malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min.
Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha.
Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas.
Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min.
Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana.
Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula
mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake
ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar.
Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut.
Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa
sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong
apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing
sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi
dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora
ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu
Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki.
Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah
nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul
angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing
tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek
ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau
men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak
lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah,
njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing
sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat
banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing
banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap
nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi
mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh.
Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka
maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae,
merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane
sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae,
langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana
kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang
Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik,
Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya
ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak
ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa,
kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu,
saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane
riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa.
Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik,
apik.”
Paimin wangsulan semu
mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo
ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae.
Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang
bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep
muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng
aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing
sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo
Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa
Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika
mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing
apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir
mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae
dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik.
Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa
kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa
kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake
ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal
rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada
ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing
dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo
nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang
kene.” Bapake njelaske C M,,,karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing
miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane.
Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora
ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah
bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan
nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake
nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal,
menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas
Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,”
pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi
panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget,
banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min,
wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya
kuwi kunci bebakulan.