Indah Rohmayani
satitik kaendahanku ing blog jawaku sugeng rawuh
Kamis, 12 Maret 2015
Rabu, 15 Januari 2014
contoh pawarta
TAUNE TAMBAH, UTANGE
SANSAYA TAMBAH
Taun 2013, taun sing akeh masalahe kanggo negara
Indonesia. Khususe masalah ekonomi. Akhir-akhir iki, perekonomian negara
Indonesia lagi ana ing tahap ngawatirake. Salah sijine sing nyebabake krisis
ekonomi yaiku utang luar negri sing asale saka sektor swasta. Semana uga
perusahaane negara lan yayasan. Jumlahe wis ana 27 persen saka gross domestic product saka Indonesia
sing jumlahe wis ana 8.000 triliun. Semana uga, angka 27 persen kuwi angka sing
mrawasi ati, amarga yen angka presentasi wis ana 30 persen, mangka perekonomian
Indonesia wis positif ngalami krisis ekonomi.
Utang pemerintah marang luar negri kuwi ora
ngawatirake, sing gawe miris kuwi utange sektor swasta sing suwe ora suwe iso
dadi sillent killer utawa mateni
alon-alon kaya sing kedadean ana ing taun 1998. Akehe utang sektor swasta iku
ora liya disebabake akehe jumlah sing disilah sektor swasta marang bank luar
negri. Sing dadi masalah ning kene, kenapa sektor swasta kuwi luwih seneng
utang maring bank luar negri tinimbang bank negarane dewe. Mula kuwi, bank
Indonesia mbatesi jumlah sing diutang perusahaan swasta marang bank luar negri.
Namung ora iso ambekan tekan kana wae, yen utang sektor swasta sansaya akeh, beban
keuangane negara sansaya munggah, amarga jumlah inflasi sansaya akeh. Anane
jumlah inflasi sing sansaya akeh kuwi disebabake regane bahan bakar ora ida
diunggahna. Padahal rego bahan bakar internasional kuwi munggah terus. Yen wis
kaya mengkene, pemerintah sing bingung nangani. Yen arep diunggahna regane,
akeh sing pada protes amarga rego-rego kebutahan-kebutuhan pokok tetep pada
munggah kabeh. Yen wis munggah, rakyat Indonesia sing identik karo rakyat kere
sansaya tambah kere. Anangin yen ora diunggahna, suwe ora suwe negarane dewe
bakal disita marang luar negri amarga ora bisa bayar utange dewe.
Pengamat ekonomi Sri Adiningsih ngeramalna yen ing
taun 2013 iki isih pada karo taun 2012, yaiku pertumbuhan ekonomi isih iso
tetep tahan sekitar 6 sampek 6,5 persen. Pertumbuhan ekonomi iki iso luwih apik
meneh yen iso diimbangi karo usahane pemerintah kanggo nambahi akses kelompok
menengah bawah sing ana ing sektor perbankan. Yen wis ana tambahan saka
kelompok menengah bawah kuwi, suwe ora suwe iso gawe sektor keuangan nasional
tambah maju. Ananging mengkana isih akeh persoalan ekonomi. Luwih akeh masalahe
tinimbang solusine. Yen pemerintah iso ngatasi pertumbuhan ekonomi munggah,
nanging pemerintah uga iso ningkatna kemiskinan gara-gara krisis ekonomi. Suwe
ora suwe biyen ana kabar yen bahan bakar arep diundakna, saiki wis kelakon
mundak. Rego bensin sing asale mung 4500/liter, saiki mundak dadi 6500/liter.
Yen diitung-itung ra ketang mundak mung 2000 rupiah wae, yen dipingke wae
duwite wis ketok nyolok. Mundake bahan bakar iki mengaruhi rega-rega sing ana
ing pasar. Misale wae rega beras sing asale sekitar 6500/kg, saiki wis sekitar
9000/kg. Rata-rata rega barang kebutuhan mundak kabeh. Yen wis ngono kuwi,
masyarakat cilik khususe sing pertama sambat. Menawa wae 2014 mengka akeh sing
ngalami bususng lapar gara-gara ora duwe duwit kanggo tuku beras. Lan ora kaget
yen mengko kuburane ra nyukupi amarga akehe wong pada mati gara-gara lesu. Yen
ana sing isih tahan urip, iku wae saka hasile ngerampok. Kahanan wis ora dalan
meneh kanggo tahan urip saliyane wong sing duwe. Mung wong sing duwe
gedung-gedung sing gedene ameh ngungkuli langit wae sing iso seneng-seneng karo
duwike. Kahanan sing kaya mangkana, rakyat cilik sing kudune diperhatikna.
Nanging mengkana, luwih apik maneh yen ana bahan bakar alternatif liyane sing
regane luwih murah. Nging apa, Indonesia kuwi identik karo istilah konsumen
sejati ora tau ngutak-atik apa sing durung ditemokna. Bede maneh karo
negara-negara sing wis maju.
Ngomong-ngomong babagan krisis ekonomi sing lagi ana
ing Indonesia akhir-akhir iki, Penyebab utamane kuwi iku gara-gara utang luar
negri. Yen ora kakean utang, paling iya ora krisis kaya mengkene. Pemerintah
ngundakna bahan bakar iki ora mung duweni tujuan bayar utang bae, nging uga
ngurangi anane kendaraan. Saking akehe kendaran sing ana ing dalanan, iso
nimbulake macet, kecelakaan lan sapiturute. Mula, yen bahan bakar subsidi di
undakna, sak ora-orane kendaraan iso ngalih ing bahan bakar non-subsidi. Yen
kahan wis kaya mengkana, masyarakat owel yen arep lunga-lunga. Lan iku iso
ngurangi kendaraan sing ana ing dalanan. Ananging mengkana, ana ing sisi liyane
wong cilik pada sambat. Barang akeh sing mundak, nanging upah mergawe ajeg ora
melu diundakna. Sakjane, yen barang mundak upah uga mundak. Supaya wong cilik
ora kuwalahen olehe nyambung uripe. Yen kahanan upah ajeg kaya mengkene, suwe
ora suwe ana demo buruh-buruh pabrik sing jaluk diundakna gajine. Buruh kuwi
butuh urip layake manungsa lumrahe. Wong-wong gede sing nguasai pasar dagang
iso sak penake dewe karo rakyat cilik kaya buruh-buruh. Yen ora ana buruh,
wong-wong gede ora mungkin iso tuku mobil marcedez, omahe apik-apik lan
sapiturute. Mula, yen ana buruh pabrik demo kuwi wis wajar. Ora Indonesia yen
ora ana demo. Masalah sing lagi diadhepi Indonesia iki ora masalah sing cilik.
Gara-gara BBM mundak iso dadekna kisruhe negara. Sak ora-orane ana enem perkara
sing dadekake kisruh sadurunge BBM diundakna. Pemerintah nanggepi yen alokasi
subsidi BBM kuwi salah sasaran amarga 45,72 persen konsumen premium (BBM
subsidi) yaiku golongan keles menengah atas sing nggunakake kendaraan roda
papat lan mobil pribadi. Alesan liyane mundake BBM iku kanggo nyesuekna rega
minyak dunia sing akhir-akhir iki tambah mundak regane bebarengan karo panase
politik timur tengah. Rumangsa dadi negara sing ngimpor minyak sekitar 300 ewu
saben dinane utawa 25% saka siji setengah juta barel total konsumsi saben
dinane. Miturute pemerintah, kahanan kaya mengkana iku ngabotake APBN. Dasi,
isa disimpilna yen alesan pertama kuwi salah sasaran lan alesan kaping pindo
yaiku bebani APBN.
Ana enem perkara sing dadekake janggal saka rencanane
pemerintah sing ngundakna BBM. Kabeh pihak sing katutan ndelikna saka media
massa. Namung geludane wong-wong cilik, mahasiswa gelud karo polisi. Nanging,
wong gede enak-enakan karo rega sing mundak. Kaya-kaya rega iki wis takdire
mundak, ora ana sing ngundakna. Ya, iku sing jenge taktike wong duwuran sing
maekna wong ngisoran.
Gampang yen arep digoleki sumber masalah iki yen gelem
golek-golek info saka sumber sing kredibel. Kawit Oktober 2011 sampek Maret
2012 ana enem perkara sing ora dipublikna babagan masalah sing nyebabake BBM
mundak, ana ing ngisor iki bakal diandharake sing nyebabna BBM mundak, yaiku:
1)
Rega minyak mentah dunia sing sabenere antarane 65 dolar
saben barel, nanging ngopo pemerintah isih gunakake angka 105 barel saben
barele? Pemerintah ora ngomong yen regane minyak dunia mundak 30% saka taun
sadurunge amarga 64% transaksi dikuasani spekulator sing ana ing Wallstreet
Amerika. Spekulator tuku ora kanggo didol, nanging kanggo didadekna judi yaiku
minyak bumi sing dadi kartu remine. Mula rega dibarna duwur supaya spekulator
ora rugi. Wong-wong kuwi yaiku, Citigroup, JP Morgan chase, Goldman sachs.
2)
Permintaan minyak dunia mudun sampek sekitar 15%, cadangan
minyak munggah saka temuan Afrika. Ananging ngopo regane ora mudun? Ngerti
kahanan kaya mengkana, pemerintah isih ora gelem ngomong. Iso wae iku mung wedi
murahe regane big boss spekulator ing Washington, London lan Tel Aviv. Kabeh
wong-wong iku sing paling duwe kedudukan karo regane minyak sak duwure 100
dollar saben barele.
3)
Kabar lambe yen regane minyak munggah gara-gara ana krisis
politik antarane Amerika-Israel karo Iran. Nanging pemerintah tetep ora gelem
ngomong yen wis dadi jembatan antarane pihak-pihak kasebut kuwi. Pemerintah ora
tau ngomong apa-apa kaya-kaya ora ana masalah lan hasile uga kanggo kepentingan
publik dunia.
4)
Tibaning sanksi ekonomi Amerika-Eropa maring Iran, mula Iran
adole minyak paling murah kanthi bayare gampang. Isa entuk potongan 15% lan
bayare uga isa nganggo rupiah dudu dollar. Ananging peluang iku ilang saking
taate karo Washington. Semboyane Indonesia sing dadi negara bebas-aktif mung
omong-omong lambe. Padahal, Pakistan, Rusia, India, China, Turki, Jepang lan
Korea wis nyambut murahe minyak Iran.
5)
Ana ing APBN 2012 Rp 123,6 triliun dianggar kanggo subsidi
BBM. Yen regane minyak mundak terus, isa-isa subsidi nyampek Rp 178,6 rupiah.
Berati angka iki wis dadekake 12,4 persen saka total APBN Rp 1.439 triliun
kanggo 240 juta wong Indonesia
buletin basa jawa
Buletin
Basa Jawa




ORA DIAJENI, BASA JAWA DIOWAHI
Minangka salah sijine pelajaran muatan lokal ing
sekolahan-sekolahan,basa jawa kaya-kaya dibedak’ake karo pelajaran
liya-liyane.Bab iku iso di mengerteni saka akeh sithik’e jam pelajaran basa
jawa sing ana ing sekolahan kuwi. Misale kanggo nentokake jumlahe jam pelajaran
kuwi di dhasarke saka jenis pelajaran basa jawa minangka muatan lokal.
Kena apa padha-padha pelajaran muatan lokal,seni
budaya akeh duweni jam pelajaran di bandingake basa jawa?
Senajan ora kabeh sekolah nerapake
kayamangkana,nanging miturut panalithen kang wis di anakake dening tim
redaksi,akeh sekolahan kang nganggo sistem jam pelajaran basa jawa luwih sithik
tinimbang seni budaya.
Panalithen kuwi dianak’ake ana ing telung
sekolahan,yaiku MAN Lasem,SMA 1 Pamotan,SMA 2 Wonogiri.Hasile,loro saka telung
sekolahan kuwi guna’ake jam pelajaran basa jawa luwih sithik saka pelajaran
seni budhaya.
Yaiku MAN Lasem lan SMA 2 Wonogiri.Pelajaran basa jawa
namung duweni 1 jam pelajaran saben minggune.Dene seni budhaya duweni 2 jam
pelajaran saben minggune.
WITING TRISNA JALARAN
SAKA KULINA
WITING KRAMA JALARAN
SAKA PIWULANG WONG TUA
Basa
jawa, salah sijine basa daerah sing ana ing wilayah Indonesia. Basa Jawa kuwi
basa sing endah, uga duweni aneka ragam dialek.
Basa Jawa yen diruntutke kuwi duwe
tingkatan tutur. Basa Jawa kaperang dadi papat, yakuwi basa ngoko lugu, ngoko
alus, krama lugu, lan krama alus. Basa Jawa ngoko digunakake yen guneman karo
kancane dhewe. Basa ngoko alus digunakake yen kepenging ngeweki pakurmatan karo
sapadha-padha. Krama lugu digunakake ing pacelathon karo wong sing durung
akrab. Dene basa krama alus digunakake marang wong sing luwih tua utawa sing
luwih dhuwur pangkate.
Nanging, basa Jawa saiki wis mulai
kesingkir ana ing wilayahe dhewe. Generasi mudha Jawa wis akeh sing ora bisa
nggunakake basa Jawa sing bener lan pener, uga ana generasi mudha sing ora
ngerti unggah-ungguh utawa tata kramane wong Jawa. Malah uga ana sing rumangsa
isin menawa
nggunakake basa Jawa, miturute basa Jawa kuwi basa sing katrok, utawa kerep disebut basa sing ora gaul. Janjane basa sing
gaul kuwi basa sing kaya kepriye ?
Miturut kedadean nyata sing dialami
dening masyarakat Jawa saiki, apa lan sapa sing bisa disalahake ?
Merosote panganggonan basa Jawa kuwi
ora bisa langsung dilepatake karo salah siji bab. Kuwi mesti amarga ana
kalepatan ing bab-bab sing ora mung siji wae. Contohe wae, bocah-bocah cilik
saiki, wong tua wis arang sing menehi piwulang bab basa krama marang
anak-anake. Padahal, wong tuwa kuwi dadi panutan dening anak-anake. Mula saiki
bocah-bocah cilik wis arang nggunakake basa krama menawa guneman karo bapak
ibune. Malah sok-sokan ana saperangan bocah sing ngomong ora lumrahe karo wong
tuane. Misale ana bocah sing nyosotake wong tuwane menawa kekarepane ora
dituruti.
Kuwi lagi mung saka keluarga. Yen
didelok saiki, ana ing sekolah Taman Kanak-kanak (TK), bocah-bocah wis diwarahi
basa Inggris, nanging ora ana piwulang basa Jawa. Pengantar guru yen lagi
menehi piwulang wae gawa basa Indonesia, ya wis lumrahe menawa bocah-bocah
cilik mung duweni pengetahuan sitik bab basa krama.
Ora mung saka kuwi, akeh sing
njalari kenapa basa Jawa saiki wis arang digunakake. Nanging bab loro kuwi wis
bisa didadekake tuladha.
Yen
kita kepengin ngowahi tata cara piwulange guru-guru TK kaya sing wis dipaparake
ing dhuwur, kuwi mesthi ora gampang. Ya, salah siji cara sing bisa dilakoni ya
kuwi ngowahi piwulang saka keluarga. Mbok menawa kaya unen-unen witing tresna
jalaran saka kulina, yen bocah wis diwarahi nggunakake basa krama wiwit cilik,
wis mesthi bocah bakal seneng nggunakake basa krama. Bapak ibune kudu
sregep-sregepe menehi piwarah marang anak-anake supaya nggunakake basa krama.
Pungkasane, bapak ibu kuwi kunci
kanggo nylametake budaya basa Jawa sing wis wiwit lumuntur ana ing wilayahe
dhewe.
Selasa, 14 Januari 2014
Basa Jawa ing Suriname
Basa Jawa Suriname iku sawijining ragam utawa dhialèk basa Jawa sing
dipituturaké ing Suriname lan déning komunitas Jawa Suriname ing Walanda. Cacahé panutur kurang luwih ana
65.000 jiwa ing Suriname lan 30.000 jiwa ing Walanda[1]. Wong Jawa Suriname iki
katurunané kuli kontrakan sing dirodi saka Tanah Jawa lan saindhengé.
Sangkan
Paran
Ing pungkasané abad kaping 19,
pamaréntah Walanda sing nduwèni jajahan ing Suriname, Amerika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo
nyambut gawé ing perkebunan-perkebunan. Sadurungé, pagawéyan iki dilakoni
déning para abdi utawa budhak-budhak négro sing asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing
abad kaping 19, wong-wong négro sing diarani wong Kréol Suriname iki padha
ninggali perkebunan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para
kuli perkebunan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté
dadi jajahané Britania Raya. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong
Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda
pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris
manèh.
Banjur pamaréntah Walanda nyoba
nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki sing diarani wong Hindhustan
Suriname karo wong-wong saka koloniné Hindhia-Walanda; yaiku wong-wong Jawa.
Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké
menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak sing kudu ditèken,
senadyan sajatiné wong-wong sing biasané para tani lan buruh kasar iku tuna
aksara.
Tibaké program 'transmigrasi' saka
Hindhia-Walanda menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun
1890 – 1939 ana luwih saka 33.000 jiwa wong Jawa sing digawa menyang Suriname.
Menawa Perang Donya II
ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh sing digawa mrana.
Sangkan
Parané Wong Jawa ing Suriname
Ora kabèh wong Jawa sing digawa
menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong
Sundha lan Madura saha liya-liyané sing digawa menyang Suriname. Nanging amerga
mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.
Yèn dideleng saka asalé, kurang
luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10%
saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura
lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia
utawa Jakarta[2].
Banjur saka wong Jawa iki,
mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang
lan saubengé). Bab iki nganti sepréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname sing
pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora
dipituturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki
uga ora ngwèhi pengaruh ing ragam basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname
namung ana sawetara tembung-tembung Melayu, nanging tembung-tembung iki uga wis
ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.
Dhialèk
basa Jawa ing Suriname
Ing Suriname utamané namung ana siji
dhialèk waé. Nanging anané varian-varian tembung nudhuhaké yèn mbiyèn para
migran Jawa iki mituturaké dhialèk basa Jawa sing béda-béda.
Ing Suriname uga tau ana panutur
basa Jawa ngapag utawa basa Jawa Banyumasan. Nanging basa iki dianggep ora apik
lan para panuturé kerep diécé. Katurunané wong-wong sing nuturaké basa iki ora
nyinaoni manèh.
Pengaruh
basa liya
Kosakata basa Jawa ing Suriname akèh
dipengaruhi déning basa Walanda lan basa Sranan Tongo. Pengaruhé ing fonologi
lan tatabasa ora ana.
Tembung-tembung Sranan Tongo sing
wis diserep malah ana sing olèh tembung krama.
Fonologi
Fonologi basa Jawa ing Suriname ora
béda karo basa Jawa baku ing Tanah Jawa. Dhialèk Kedhu sing dadi leluhuré basa
Jawa Suriname iku fonologiné uga ora béda karo basa Jawa baku.
Nanging ana fénoména anyar ing basa
Jawa Suriname, yaiku prabédan antara foném dental lan rétroflèks (dantya lan
murdha (/t/ lan /d/ vs. /ṭ/ lan /ḍ/)) dadi saya ilang.
Pasang
aksara
Basa Jawa Suriname nduwé cara
panulisan sing séjé karo basa Jawa ing Tanah Jawa. Ing taun 1986, basa Jawa
Suriname olèh pasang aksara utawa cara pangéjaan sing baku. Ing ngisor iki
kapacak prabédané karo sistém Walanda sadurungé Perang Donya II lan karo éjaan
Pusat Bahasa ing Ngayogyakarta.
Pra
1942
|
Suriname
(1986)
|
Yogyakarta
(1991)
|
b
|
B
|
b
|
d
|
D
|
d
|
ḍ
|
D
|
dh
|
dj
|
J
|
j
|
g
|
G
|
g
|
h
|
H
|
h
|
j
|
Y
|
y
|
k
|
K
|
k
|
l
|
L
|
l
|
m
|
M
|
m
|
n
|
N
|
n
|
ng
|
Ng
|
ng
|
nj
|
Ny
|
ny
|
p
|
P
|
p
|
r
|
R
|
r
|
s
|
S
|
s
|
t
|
T
|
t
|
ṭ
|
T
|
th
|
tj
|
Ty
|
c
|
w
|
W
|
w
|
Banjur foném /a/ sing diucapaké kaya
[a] ditulis "â". Dadi tembung "macan" tinulis mâtyân
ing Suriname.
Krama
ing basa Jawa Suriname
Ing basa Jawa Suriname uga ana basa krama, nanging wis ora kaya ing Tanah Jawa manèh. Banjur générasi anom uga
wis akèh sing ora bisa basa krama.
Ing Suriname dibédakaké telung ragam
basa: yaiku "ngoko", "krama" lan "krama napis".
"Krama" iku yèn ing Tanah Jawa dadi mèmper "madya" lan
"krama napis" dadi mèmper "krama lan krama inggil".
Langganan:
Postingan (Atom)