Ya
wis
“Dik, piye
kabarmu? Aku pengin banget ketemu karo awakmu. Saiki mesti awakmu wis gedhe.
Jane aku ya pengin dolan mara gonanmu, nanging piye maneh aku wis akeh gawean
ing purwadadi dik. Aku nulis surat iki amarga aku iling dina kelahiranmu,
sue-suening dina wis dak ancang-ancang arep nulis surat iki karo jilbab siji
iki dik, aku mung pesen supaya awakmu dadi wong wedok solikhah. Aja kaya kae
pitung taun kepungkur, wektu awakmu isih nakal, seneng mbolos sekolah. Dik, aku
arep kanda yen mengko insyaallah tanggal 2 januari aku arep nikah karo tanggaku
kene. Aku pengin awakmu teka ya dik. Wis tekan kene disik dik, muga-muga awakmu
nampa surat iki papasan dina kelahiranmu ya dik.”
Ora kuat atiku
maca surate mas slamet, wong lanang sing dak senengi wiwit pitung taun
kepungkur kuwi. Surat sing dak tampa saka mas Ali, tanggaku sing mondok ana ing
purwadadi kuwi wis gawe ilange bebungahku sawise dak waca yen isine jaluk
restuku ana ing nikahane mas Slamet. Papasan tanggal telu likur iki, umurku wis
jangkep wolu las taun, mas Slamet wis menehi kado sing wis ora bisa dak
lalekake selawase uripku. Suwe ning suwe sak wulan wis dak lewati, nanging
atiku isih ngrambyang. Rasane kudu ora ikhlas yen mas Slamet arep nikah.
Padahal aku dewe wis duwe pacar sing wis dak lakoni ana rong taun lawase.
Galih, kancaku SD sing saiki dadi nyatu ana jroning atiku. Papasan tanggal 21
desember, ora liya patang dina meneh kuwi dina kelahirane Galih. Aku isih
bingung, duwitku ana ing dompet mung kari selawe ewu rupiah. Antarane menehi
kado Galih utawa ngado nikahe mas Slamet. Yen aku ngado Galih, aku ora bisa
teka ana ing Purwadadi kanggo nekani resepsine mas Slamet, wong sing tau dadi
pangisining atiku iku. Aku jaluk pertimbangan karo Eni, kanca raketku. “Yen aku
ya rat, luwih becik yen ngado Galih wae. Yen kowe ngado Slamet, atimu malah
sansaya lara wae”. Wangsulane Eni. “Nanging En, yen aku ora teka ana ing
nikahane mas Slamet, aku wis ora bisa ketemu karo dheweke meneh to?” Pitakonku
bantah wangsulane Eni. “Nanging Rat, Galih kuwi seneng kowe tenanan lho, aja
nyiakna wong sing apike kaya Galih kuwi mengko kowe malah nyesel. Yen Slamet
seneng karo awakmu, pirang-pirang taun lawase ana ngendi wae dheweke? Kenapa
saiki lagi ngabari yen arep nikah karo wong liya? Apa dheweke duweni karepan
maring awakmu? Apa dheweke ora ngerti yen awakmu isih seneng karo dheweke?
Slamet kuwi kae mung dipacokno karo awakmu, aku yakin dheweke kae durung mudeng
artine katresnan mring wong wadon. Sepurane Rat, omonganku rada kasar, aku mung
emoh ngerti kowe kepikiran terus gara-gara surate Slamet sing isa gawe awakmu
nangis ing kamar terus-terusan. Paribasan kekancan kuwi yen ana kancane sing
lagi susah ya dak rewangi sabisaku. Kowe wing kepenak karo Galih, lah ngapa
mung gara-gara surate Slamet, awakmu dadi ngene? Ora kaya Ratna sing dak kenal
kae” Bantahane Eni sing suwe ora suwe gawe tumetesing iluku kang metu saka
mripatku sing wis katon abang branang. Sak ora-orane Eni wis isa gawe atiku
rada lega ora ketang gawe aku nangis, Pancen aku bocah cengeng, sithik-sithik
nangis. “Wis Rat, aku dadi kancamu mung isa ngandani, iku ya kanggo
kepentinganmu. Aku ora duwe maksud gawe awakmu nangis, nanging yen ora dak
ngenekna mengko isa-isa wakmu nekad ngrusak rumah tanggane wong liya”.
Wangsulane Eni sinambi ngelus-elus pundakku. “Suwun ya En, saiki aku dadi sadar
yen aku kudu terima kenyataan yen mas Slamet kuwi dudu jodohku. Wis En, aku
seneng Galih, ora ngarah aku ngiling-iling jeneng Slamet meneh En.” Jawabku
karo guyu sithik.
Esoke, aku lan Eni lunga mara pasar
Pamotan tuku kado kanggo Galih. Najan mung duwik pas-pasan, moga-moga isa entuk
barang sing ana ajine sithik. Aku ngenyang jam tangan sing regane telung puluh
lima ewu ora diwehke mring bakule. Padahal yen dinalar duwitku mesti akeh
kurange. Akhire aku golek bakul liyane. Aku ngerti ana kaos apik, bareng dak
takonake bakule jebul regane wolung puluh ewu. Iya bener, lha kaos kuwi mereke
cressida. Duwikku malah kurang akeh. Wis pirang-pirang jam aku lan Eni
muter-muter pasar durung isa nemokna barang sing cocok kanggo Galih ning regane
selawe ewu. Aku wis pegel, ora kuat yen dak terusake mlaku mubeng-mubeng pasar
meneh. Aku leren ana ing ngarep bakul es cincau. Aku karo Eni mung bisa ngowoh
delok wong-wong sing lagi ngumbe es cincau. Segere yen dak ingeti, nging aku
mung bisa ngelek idu. Aku mesakake yen ngingeti Eni, aku sing ngajak dheweke
nanging aku ora bisa nukokna panganan. Lha kok mikir panganan, Es cincau wae
mung isa dak jak ngelek idu. Batinku pengen nukokna es yen ana turahan saka
duwik selawe ewu iki sing dak gegem kawit jam sanga mau. Akhire aku lan Eni
mlaku meneh delok-delok menawa ana barang sing regane murah. Ana ing salah
sijine toko asesoris lanang utawa distro, aku lan Eni mlebu distro kuwi. Dak
delok ana dompet sing tulisane kuwi regane Rp.21.500,00. Aku kaget bareng
ngerti rega dompet lanang murahe ngono. Padahal wujude ora elek-elek nemen.
Akhire dompet mau sida dak tuku lan dak bayar selawe ewu, duwitku isih ana
turahan telung ewu limang atus. Duwik telung ewu isa dak enggo tuku es cincau
sing sijine rega sewu limang atus. Yen duwik telung ewu isa entuk loro, sijinan
karo Eni. Akhire aku bisa ngrasakake segere es cincau, wis ora usah ngelek idu
meneh. Duwik turahanku limang atus mau dak enggo tuku samak kado sing regane
limang atus rupiah kanggo bungkus kado.
Bareng wis tekan omah, aku bungkus
dompet sing dak tuku mau ana jero kerdus bekas wadah obat rebondinge Eni. Ora
lali aku nyelipna surat cilik sing dak tulis nganggo polpen tinta abang sing
unine:
“Iki
dina kelahiranmu, aku pengin tetep kaya menkene kahanane. Iki dina spesialmu,
nanging aku mung isa menehi barang sing cocok ora cocok mung iki kemampuanku..
Aku uga donga supaya awakmu bisa dadi pribadi sing bisa
dibanggakna wong tuwamu, kancamu lan bisa dak banggakna. Muga awakmu seneng
kadoku iki”
Saka
Ratna.
Kado wis dak
buntel rapi nganggo samak kado sing rada tipis amarga sing kandel regane sewu,
ora ngarah cukup duwitku yen tuku sing kandel kuwi. Aku mung kari ngenteni
sedina meneh kanggo ngewehna kado iki. Ora ketang aku rada wedi yen dipaido
amarga kadoku iki elek, adoh yen dibandingake karo dompete dheweke sing regane
atusan ewu. Sedina wis kelakon, iki wektune aku ngewehna kodo iki. Dheweke dak
enteni ana ngarep masjid Pamotan sing sadurunge wis dak jak janjian jam sanga
esok ketemu ana ing masjid jami’ Pamotan. Bebasan ngenteni wong sing
ditresnani, aku sabar ngenteni suwene setengeh jam dheweke lagi tekan ngarep
masjid numpak sepeda motor beat putih nganggo kaos sing katon regane ora murah.
Tambah mindere atiku ngerti kahanan mengkana, lha wong aku namung nganggo
klambi kotak-kotak elek karo celana bodho rong taun kepungkur. Aku langsung wae
menehna kado. “Kadone dak bukane saiki ya?” pitakone Galih. “Aja ! aku isin yen
awkmu buka kado iki isih ana ing ngarepku, mengko wae yen awakmu wis bali ing
omah” Wangsulanku rada gugup. Galih tetep wae ngeyel pengin cepet-cepet buka
kadone, kandane dheweke penasaran apa isine kado kuwi. Aku ora bisa nglarang
meneh yen dheweke meksa. Akhire Galih buka kado kuwi, bareng kagete Galih yen
sawise dibuka kado kuwi jebul-jebul isine dompet sing batine Galih dheweke bisa
tuku dompet kuwi mung sakedhipe mata. “Hahahahaha, dompet ngene kok diwehno
wong, aku wae isa tuku dompet ngene” wangsulane Galih kaya ngece sing ora sadar
wis gawe larane atiku. “ Ya wis, yen kowe ora seneng dompet iku, buaken . Kowe
ora ngerti perjuanganku tuku barang iki, aku nyelengi saka diwik turahan
sanguku sekolah, aku iki ance anake wong ora duwe, ya mung iki sing bisa dak
wenehna maring awakmu. Aku terima yen kowe ora seneng, nanging ajenii wewehanku
iki.” Wangsulanku sing meneh-meneh gawe mataku abang branang. “hahahaha, aku
mau guyon kok, aja ngamuk to?” wangsulane Gallih sing suwe ora suwe
gawe atiku rada lega, isih tangan kiwane ngegem tangan tengenku lan
tangan tengene ngelus-elus rambutku. Rasane bungahe atiku, ora pengin kahanan
kaya mengkene ilang saka paningalku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar