Kamis, 12 Desember 2013

PRANATACARA

A. PANAMPI PASRAH SANGGAN

PASRAH SANGGAN adalah salah satu rangkaian acara (jamaknya) pada malam midodareni, berupa penyerahan "seserahan" dari pihak penganten putra kepada pihak pengantin putri sebagai prasyarat kelengkapan pernikahan. berikut adalah contoh penerimaan "seserahan" tersebut dari pihak pengantin putri. semoga berkenan...
Nuwun, kulanuwun......
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kasugengan, katentreman tuwin kabagyan mugi tansah tumedhak, kajiwa kasarira wonten ing angga panjenengan sedaya, waradin sagung dumadi.
·         Para sepuh, pinisepuh ingkang mahambeg dharma sarta dahat kinabekten
·    Panjenenganipun Bp. SUJADI ingkang sumulih sarira panjenenganipun Bp. Suwarna  sekalian ingkang kinurmatan
·         Panjenenganipun Bp. Suwarna  sarimbit, ingkang winantu ing bagya mulya
·         Sanggya para tamu kakung - putri minulya, sumrambah para lenggah ingkang tansah pantes hanampi berkah.
Keparengna, kula ingkang piniji minangka sulih raga panjenenganipun Bp. Puji jatmiko  sarimbit garwa :
Ingkang Sepisan ; panjenenganipun Bp. Puji jatmiko  saha gotrah ngaturaken pambagya harja wilujeng konjuk dhumateng panjenenganipun Bp. Suwarna  sakaluwarga, sinartan puja pamuji mugi tansah hanampi suka basuki.
Kaping Kalih ; tumanggap dhawuh pangandikanipun Bp. Suwarna  ingkang lumantar Panjenenganipun Bp. SUJADIbilih paring salam ta’limipun Bp. Suwarna  dhumateng Bp. Puji jatmiko  sagotrah tinampi kanthi renaning manah. Kosok wangsulipun, Bp. Puji jatmiko  sakaluwarga ugi ngaturaken salam ta’lim mugi katur panjenenganipun Bp. Suwarna  sumrambah kulawarga, sinartan pepuja mugia tansah manggih bagya mulya.
Dene Salajengipun ; peparing sarat sarana ingkang kinarya jejangkeping tiyang apala krama ugi tinampi kanthi tangan tinarbuka saha bingahing wardaya. Mugi-mugi sageda murakabi ingkang samya badhe hamangun bebesanan tuwin kekadangan.
Mboten katalumpen Bp. Puji jatmiko  sekalian garwa nyuwun jembaring samudra pangaksama, hambok bilih anggenipun hangacari rawuhipun calon besan saha pangayab kirang damel sarjuning penggalih.
Ugi kula pribadi minangka piniji sulih raga, nglenggana tiyang ingkang andhap ing pasinaon, cupet ing seserepan sarta kiranging sasrawungan, tartemtu atur tuwin tandang-tanduk, solah-bawa sarta muna-muni kula tansah damel cuwaning penggalih panjenengan sadaya. Pramila, mboten wonten atur ingkang prayogi kejawi namung nyuwun gunging jalanidhi pangaksami.
Wusana, cekap semanten atur kula.
Nuwun, matur nuwun...

B. PASRAH PENGANTEN KAKUNG
Berikut ini kami berikan contoh pranatacara bahasa jawa pada saat pasrah pengantin laki laki kepada keluarga manten perempuan untuk dilaksanakan ijab Qobul. Contoh ini tidak harus sama, bisa dirubah sesuai kebutuhan dan situasi acara.
Kula nuwun,
Kaparenga matur dumateng panjenenganipun Bapak ……………….. ingkang jumeneng sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu ……………….. dene sowan kula wonten ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening Bapak/ Ibu ……………………… sagotrah.
Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten Kakung wiwit saking griya ……….. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.
Ingkang angka sepisan.
Panjeneganipun Bapak/ Ibu ……………………… ngaturaken kawilujenganipun mugi katur ing ngarsanipun Bapak ………………… sakbrayat.
Kaping kalihipun.
Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu ………………….. ngaturaken salam taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak …………………. sekaliyan garwa.
Jangkep ingkang kaping tiganipun.
Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon) temanten kakung ingkang peparab bagus ……………….. ingkang badhe kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu ……………….. ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah …………………..
Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken tumapaking adicara kasebat.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu …………………. sabrayat, kapareng handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping (ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.
Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.
Hayu-hayu rahayu ingkang samya pinanggih,
Nuwun.



C. PASRAH MANTEN PUTRI
Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(asal desa alamat)............ , langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula ................................., kula menika bapakipun/masipun penganten putri, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......(asal desa alamat)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............,keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus.......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/adhi kula nuwun inggih .........(jeneng nganten putri)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/embendening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ...................., nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ 
Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi,  kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga 
anak/adhi kula pun....(jeneng manten putri).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.

D. PASRAH PINAMPI
Assalamu'alaikum wr.wb.


Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung- langkung panjenenganipun Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu- antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung- langkung panjenenganipun Bp ...... (duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri. Kula aminangkani Bp/Ibu ......... (pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ........... (duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri. Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/ putri saking ..........(desa).......... Mugi- mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng desa)............... Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan) ................. kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati) ........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.” Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti. Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu- wantu panyuwunipun Bp/Ibu ......... (pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu ......... (pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami. Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur- syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula. Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.



E. PINAMPI KAKUNG

 Assalamu’alaikum Wr. Wb.
            Dhumateng panjenenganipun Bapak ............ ingkang piniji anembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu................ ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
 Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula sepuh raka mas ........................ sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapak ......................... lumantar panjenenganipun Bapak  ................
Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, satemah saget nglarapaken sekar  cepaka mulya sasele, inggig putra calon temanten kakungipun Bagus............kanthi wilujeng nir baya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah salam taklim saking panjenenganipun Bapak/Ibu ......... ingkang salajengipun badhe kula aturaken wonten ngarsanipun raka mas ................ sarimbit, mugi-mugi awit pangestunipun, sageta andayani anggenipun mengku karya, hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cempaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Semanten ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra calon temanten kakung katampi kanthi suka renaming penggalih. Suka bingahing manah saking panjenenganipun raka mas ..........sarimbit, menawi kenging kawedhar ing akathah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajrugukan wukir sari kabelebenging samodra madu. Ing salajengipun, menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken Bagus ...............  kaliyan nak ayu .............. atmaja putrid raka mas ..............
Dhumateng panjenenganipun Bapak ............. dalah pangaraking  putra calon penganten kakung, sasampunipun mangke putra calon temanten kapanggehaken, kula suwun pinarak lelenggahan kanti mardhu mardikaning penggalih, ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan, saperlu hangestreni tuwin paring berkah panestu dhumateng temanthen sarimbit, mugi-mugi anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi miwah tansah gagah ingkang jinangkah.
Mingaka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen kawula matur wonten kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata karma, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Budaya



Keunikan Lokal Budaya Kabupaten Rembang
I.Upacara Adat

A. Upacara Syawalan.
Upacara Syawalan/ Kupatan ini dinamakan Syawalan karena dilaksanakan pada bulan Syawal (setelah bulan Ramadhan), dinamakan Kupatan karena bertepatan dengan acara di desa- desa yang melaksanakan sesaji ketupat dimana mengandung arti saling memaafkan dan saling berjabat tangan. Kegiatan ini diselenggarakan secara rutin setiap tahun yaitu lima hari setelah hari raya Idul Fitri.
Bertempat di Taman Rekreasi Pantai Kartini Rembang/Dampo Awang Beach,acara ini selalu ramai dihadiri oleh masyarakat Rembang dan masyarakat luar daerah.
Acara Syawalan ini sangat ramai karena ditunjang berbagai acara yaitu :
1.Kegiatan Lomba Perahu,dimana perahu-perahu yang sudah terdaftar sebagai peserta lomban mengantar para wisatawan berlayar ke Pulau Gede,Pulau Marongan dan Karang Borekan.
2.Wisata belanja
3.Hiburan Rakyat
4.Mandi Laut

B. Sedekah Laut.
Kegiatan upacara ini dilaksanakan oleh desa-desa para kelompok nelayan dalam rangka mengucapkan rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa dan berharap semoga diberi keselamatan dalam mencari nafkah di laut dan diberi kemudahan unuk mendapatkan hasil yang berlipa ganda. Bentuk kegiatannya antara lain :
1. Pengajian Akbar
2. Hiburan Rakyat (kethoprak dan atau wayang kulit).
3. Larung sesaji (melarung sesaji yang berupa nasi tumpeng lengkap dengan lauk pauknya.
Kegiatan ini dilaksanakan minimal satu hari dan maksimal tiga hari disemua desa di
pesisir Pantai Utara.

cariyos wayang



Raden Gathutkaca Lahir
            Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.

            Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden  Harjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.

            Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”

            Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”

            Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”

            Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.

            Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar mawur.

       Sesampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.

Belajar Morfologi



A. Sistem Morfologi Nomina Murni
1. Kategori D
Yang dimaksud di sini adalah kategori kata yang terdiri atas satu morfem (monomorfemis). Nomina jenis ini mempunyai cirri-ciri valensi sintaksis sebagai berikut:
a.       dapat didahului oleh penanda negatif dudu ‘bukan’:
dudu meja ‘bukan meja’
dudu kursi ‘bukan kursi’
dudu sepatu ‘bukan sepatu’
dudu lawang ‘bukan pintu’
b.      dapat didahului oleh preposisi:
saka sawah ‘dari sawah’
ing emper ‘di teras’
menyang pasar ‘ke pasar’
tumrap dheweke ‘bagi dia’
karo bapak ‘dengan bapak’

c.       dapat didahului oleh numeralia:
patang dina ‘empat hari’
rong meja ‘dua meja’
pirang-pirang enggon ‘beberapa tempat’
seked uwong ‘lima puluh orang’
2.  Kategori D-D1
Yang dimaksud dengan nomina kategori D-D1 di sini adalah kategori D-D leksikal atau D-D semu.
Contoh:
alun-alun ‘alun-alun, stadion’
awer-awer ‘pakaian’
ager-ager ‘agar-agar’
ayang-ayang ‘bayangan’
ula-ula ‘tulang belakang’
andheng-andheng ‘tahi lalat’
Kaidah pembentukan di sini bukan duplikasi morfologis, melainkan duplikasi leksikal karena membentuk kata tunggal (leksem) yang secara lahir berbentuk duplikasi. Dalam tata bahasa tradisional hal itu disebut perulangan semu.
Kategori D-D1 ini termatuk tidak produktif karena hanya terdapat secara insidental.

3. Kategori D-D2
Yang dimaksud dengan nomina kategori D-D2 di sini adalah kategori yang dibentuk dari kategori D dengan prosede duplikasi. Prosede duplikasi di sini disebut duplikasi morfologis karena memang mempunyai arti dan fungsi gramatis tertentu. Fungsi gramatis itu diantaranya:
a.       di dalam sistem nomina dipakai untuk membentuk kategori jamak.
buku-buku ‘beberapa buku’
kursi-kursi ‘beberapa kursi’
bocah-bocah ‘beberapa anak’
dalan-dalan ‘beberapa jalan’
b.      dapat dipakai untuk membentuk verba dari dasar nomina.
udan ‘hujan’ ®udan-udan ‘berhujan-hujan’
omah ‘rumah’ ®omah-omah ‘berumah tangga’
anak ‘anak’ ®anak-anak ‘beranak, berputera’
Kategori D-D2 ini termasuk produktif karena bersistem.

4. Kategori D-v-D
Kategori ini merupakan kategori yang secara formal berwujud duplikasi yang disertai variasi vokal. Namun, duplikasinya bersifat leksikal.
kolang-kaling ‘kolang-kaling’
orang-aring ‘orang-aring’
Kategori ini termasuk tidak produktif karena hanya terdapat secara insidental.

5. Kategori D-an
Kategori D-an dibentuk dari dasar dengan sufiks –an atau D®D-an. Nomina kategori D-an ini menyatakan:
a.  ‘kompleks/lingkungan, wilayah/daerah D’. Oleh karena itu, sering didahului dengan nggon ‘tempat’, ing ‘di’.
pitik ‘ayam’ ®(nggon) pitikan ‘(tempat) kompleks ayam’
gedhang ‘pisang’ ®(nggon) gedhangan ‘(tempat) kompleks pisang’
Pakualam ‘Pakualam’ ®Pakualaman ‘kampung/daerah tempat tinggal keluarga Pakualam’.
Mangkunegara ‘Mangkunegara’ ®Mangkunegaran ‘daerah tempat tinggal keluarga Mangkunegara’

b.  menyatakan ‘tiruan dari D’
celeng ‘babi hutan’ ®celengan ‘wujudnya bagai babi hutan’
bandhul ‘bandul’ ®bandhulan ‘bagai bandul’
gapuran ‘gapura’ ®gapuran ‘bagai gapura’
plenthu ‘sesuatu yang menggelembung’ ®plenthon ‘bagai plenthu’
Nomina kategori D-an termasuk produktif karena bersistem, terutama jenis (a).

6. Kategori D-D-an
Kategori D-D-an dibentuk dari dasar dengan duplikasi yang berkombinasi dengan sufiks –an atau D®D-D-an.
bojo ‘suami/istri’ ®bojon-bojonan ‘bukan suami/istri yang sebenarnya’
pacar ‘pacar’ ®pacar-pacaran ‘bukan pacar yang sebenarnya’ (untuk iseng)
judhul ‘judul’ ®judhul-judhulan ‘bukan judul yang sebenarnya’
omah ‘rumah’ ®omah-omahan ‘rumah-rumahan’
montor ‘mobil’ ®montor-montoran ‘mobil-mobilan’
bedhil ‘senapan’ ®bedhil-bedhilan ‘senapan mainan’
Kategori D-D-an di sini berhubungan dengan cri arti ‘bukan D yang sebenarnya’. Kategori ini termasuk produktif karena bersistem.
Di samping itu terdapat pula sebagian D-D-an yang menyatakan ‘rumpun/jenis/golongan D’.
godhong ‘daun’ ®godhong-godhongan ‘rumpun/jenis/golongan daun’
woh ‘buah’ ®woh-wohan ‘golongan buah, buah-buahan’
wit ‘pohon’ ®wit-witan ‘golongan/bangsa pohon’

7.  Kategori ka-D-an
Kategori ini dibentuk dari D dengan konfiks ka-an atau D ® ka-D-an.
lurah ®kalurahan ‘daerah kekuasaan lurah, kelurahan’
camat®kacamatan ‘daerah kekuasaan camat, kecamatan’
wedana ®kawedanan ‘daerah kekuasaan wedana’
bupati®kabupaten ‘daerah kekuasaan bupati, kabupaten’
dhewata ®kadhewatan ‘daerah tempat tinggal dewata’

8.  Kategori pa-D-an
Kategori pa-D-an dibentuk dari D dengan konfiks pa-an. Kategori ini berhubungan dengan cirri arti ‘perihal D, abstraksi tentang D’.
surya ‘wajah’ ®pasuryan ‘perwajahan, perihal wajah’
karya ‘karya, hasil’ ®pakaryan ‘hasil karya, tentang karya
adat ‘adat, kebiasaan’ ®padatan ‘perihal adat’
Terdapat juga sebagian pa-D-an yang berhubungan dengan ciri arti ‘kompleks atau lingkungan/daerah D’.
uwuh ‘sampah’ ®pawuhan ‘tempat/kompleks sampah’
omah ‘rumah’ ®pomahan ‘daerah tempat rumah dibangun’
desa ‘desa’ ®padesan ‘daerah tempat desa-desa terdapat’
cina ‘Cina’ ®pacinan ‘daerah tempat tinggal orang-orang Cina’
tegal ‘ladang, huma’ ®pategalan ‘daerah tempat lading-ladang’

9.  Kategori paN-D
Nomina kategori paN-d pada umumnya merupakan nominalisasi dari verba kategori N-D.
ganjel ‘ganjal’             ngganjel ‘mengganjal’
                                    pangganjel ‘alat untuk mengganjal’
arit ‘sabit’                    ngarit ‘menyabit’
                                    pangarit ‘cara menyabit’
thuthuk ‘pemukul’       nuthuk ‘memukul’
                                    panuthuk ‘alat untuk/perihal memukul’
Nomina kategori paN-D termasuk produktif karena bersistem. Verba kategori N-D baik murni maupun transposisi secara bersistem dapat dinominalkan menjadi kategori paN-D.

10. Kategori paN-D-an
Nomina kategori ini juga merupakan hasil nominalisasi dari verba kategori N-D atau kategori yang lain.
nggoreng ‘menggoreng’          panggorengan ‘tempat menggoreng’
nuthuk ‘memukul’                   panuthukan ‘tempat pemukul’
nggodhog ‘merebus’               panggodhogan ‘tempat merebus’
ngobati ‘mengobati’                pangobatan ‘tempat mengobati’
Berdasarkan contoh-contoh di atas, diketahui bahwa nomina kategori paN-D-an berhubungan dengan ciri arti ‘tempat meN-D, meN-D-I, atau menN-D-kan.
Kategori ini termasuk tidak produktif karena hanya terdapat secara insidental.

11. Kategori DP
Nomina kategori DP dibentuk dari dasar dengan reduplikasi atau dwipurwa (DP).
tamba ‘obat’                tetamba ‘obat-obatan’
tenger ‘tanda’              tetenger ‘apapun yang dipakai sebagai tanda’
palang ‘penghalang’   pepalang ‘apapun yang dipakai sebagai penghalang’
warah ‘petunjuk’        wewarah ‘apapun yang dipakai sebagai petunjuk’
Sebagaimana dapat dilihat pada contoh-contoh di atas, nomina kategori DP menyatakan ‘abstraksi dari D (arkhais)’. Karenanya, nomina tersebut umumnya terdapat dalam pemakaian tertentu (tembang, susastra, pedhalangan, wejangan, upacara penganten). Karena hanya termasuk arkhais, DP-an hanya terdapat dalam lingkungan pemakaian tertentu (tembang, susastra, nasihat, wejangan).
Nomina kategori ini termasuk tidak produktif karena hanya terdapat secara insidental.

12. Kategori DP-an
Kategori DP-an dibentuk dari D dengan reduplikasi yang berkombinasi dengan sufiks –an. Kategori itu berhubungan dengan ciri arti ‘aneka ragam atau kompleks D (arkhais)’. Jadi, dalam nomina itu terdapat aspek ciri arti ‘jamak tetapi sekaligus ada kekaburan terhadap D’.
kembang ‘bunga’        kekembangan ‘aneka bunga’
sawah ‘sawah’                        sesawahan ‘kompleks sawah, persawahan’
tegal ‘ladang’              tetegalan ‘kompleks ladang/huma’

13. Kategori pra-D
Kategori ini dibentuk dari D dengan prefiks pra-. Prefiks itu tidak jelas ciri artinya. Barangkali artinya adalah gejala-gejala atau hadirnya atau adanya D’.
tandha ‘tanda’ pratandha ‘gejala-gejala akan hadirnya tanda-tanda’
lambang ‘isyarat’        pralambang ‘gejala-gejala hadirnya isyarat’
janji ‘janji’                   prajanji ‘janji yang diutarakan sebelumnya’
satya ‘setia’                 prasatya ‘kesetiaan yang diungkapkan sebelumnya’
Kategori pra-D termasuk tidak produktif karena hanya terdapat secara insidental. Kategori ini juga mengandung aspek ciri arti ‘arkhais’ yang mengandung aspek ‘keindahan, kehidmatan, keagungan’.