Senin, 09 Desember 2013

sekar macapat



Sekar Macapat
Sinom
Laras slendro pathet sanga

2          5          6          6          6          6          6          6
Tu        la         dha      ne        wong   kang    a          la
6          i           i           i           6          6          6i         65
Pa        ne        lu         han      tan       kang    wa       ni
2          5          6          6i         5          2          2          i6
Te        guh      a          yu        lu         put       la         ra
6          1          1          1          6          6          61        65
Tan      a          na        nga      rah       mring   ka        mi
1          2          2          2          2          2          2
Mi        wah     tan       ga        we       a          ji
2          2          2          2          2          2          23        21
Yek     ti          a          ja         den      ti          ni         ru
1          2          2          1          1          21        6         
Wong  a-         la         le         re         na        na
6          1          1          1          6          6          61        65
Ku       bu        ren       ing       ka        sur       sa         ri
5          1          2          2          2          2          2          2          1          12        61        1
I-         ki         ki         dung    kang    go        wong   ben-     mi        gu        na        na

Kamis, 05 Desember 2013

guritku



 SOPIR

Dalanan wis dadi pakanan
Kringet dadi umbenan
Apa meneh warung pinggiran
Yen ngaso mampir

Ora liya yen ora sopir
Ati nyatu ing dalanan
Ora pedhot saka montoran,
Dandan, lan tambal ban

Rupa bluthu, ora krumat
Ora mikir adus apa meneh sholat
Wis ora gumun akeh sopir bejat

Sopir kewat, nglirik wong lewat
Nging ora kabeh kahanan mengkana
Yen ora ana,
Arep dadi apa indutri kana

cerkakku



Ya wis
          “Dik, piye kabarmu? Aku pengin banget ketemu karo awakmu. Saiki mesti awakmu wis gedhe. Jane aku ya pengin dolan mara gonanmu, nanging piye maneh aku wis akeh gawean ing purwadadi dik. Aku nulis surat iki amarga aku iling dina kelahiranmu, sue-suening dina wis dak ancang-ancang arep nulis surat iki karo jilbab siji iki dik, aku mung pesen supaya awakmu dadi wong wedok solikhah. Aja kaya kae pitung taun kepungkur, wektu awakmu isih nakal, seneng mbolos sekolah. Dik, aku arep kanda yen mengko insyaallah tanggal 2 januari aku arep nikah karo tanggaku kene. Aku pengin awakmu teka ya dik. Wis tekan kene disik dik, muga-muga awakmu nampa surat iki papasan dina kelahiranmu ya dik.”
Ora kuat atiku maca surate mas slamet, wong lanang sing dak senengi wiwit pitung taun kepungkur kuwi. Surat sing dak tampa saka mas Ali, tanggaku sing mondok ana ing purwadadi kuwi wis gawe ilange bebungahku sawise dak waca yen isine jaluk restuku ana ing nikahane mas Slamet. Papasan tanggal telu likur iki, umurku wis jangkep wolu las taun, mas Slamet wis menehi kado sing wis ora bisa dak lalekake selawase uripku. Suwe ning suwe sak wulan wis dak lewati, nanging atiku isih ngrambyang. Rasane kudu ora ikhlas yen mas Slamet arep nikah. Padahal aku dewe wis duwe pacar sing wis dak lakoni ana rong taun lawase. Galih, kancaku SD sing saiki dadi nyatu ana jroning atiku. Papasan tanggal 21 desember, ora liya patang dina meneh kuwi dina kelahirane Galih. Aku isih bingung, duwitku ana ing dompet mung kari selawe ewu rupiah. Antarane menehi kado Galih utawa ngado nikahe mas Slamet. Yen aku ngado Galih, aku ora bisa teka ana ing Purwadadi kanggo nekani resepsine mas Slamet, wong sing tau dadi pangisining atiku iku. Aku jaluk pertimbangan karo Eni, kanca raketku. “Yen aku ya rat, luwih becik yen ngado Galih wae. Yen kowe ngado Slamet, atimu malah sansaya lara wae”. Wangsulane Eni. “Nanging En, yen aku ora teka ana ing nikahane mas Slamet, aku wis ora bisa ketemu karo dheweke meneh to?” Pitakonku bantah wangsulane Eni. “Nanging Rat, Galih kuwi seneng kowe tenanan lho, aja nyiakna wong sing apike kaya Galih kuwi mengko kowe malah nyesel. Yen Slamet seneng karo awakmu, pirang-pirang taun lawase ana ngendi wae dheweke? Kenapa saiki lagi ngabari yen arep nikah karo wong liya? Apa dheweke duweni karepan maring awakmu? Apa dheweke ora ngerti yen awakmu isih seneng karo dheweke? Slamet kuwi kae mung dipacokno karo awakmu, aku yakin dheweke kae durung mudeng artine katresnan mring wong wadon. Sepurane Rat, omonganku rada kasar, aku mung emoh ngerti kowe kepikiran terus gara-gara surate Slamet sing isa gawe awakmu nangis ing kamar terus-terusan. Paribasan kekancan kuwi yen ana kancane sing lagi susah ya dak rewangi sabisaku. Kowe wing kepenak karo Galih, lah ngapa mung gara-gara surate Slamet, awakmu dadi ngene? Ora kaya Ratna sing dak kenal kae” Bantahane Eni sing suwe ora suwe gawe tumetesing iluku kang metu saka mripatku sing wis katon abang branang. Sak ora-orane Eni wis isa gawe atiku rada lega ora ketang gawe aku nangis, Pancen aku bocah cengeng, sithik-sithik nangis. “Wis Rat, aku dadi kancamu mung isa ngandani, iku ya kanggo kepentinganmu. Aku ora duwe maksud gawe awakmu nangis, nanging yen ora dak ngenekna mengko isa-isa wakmu nekad ngrusak rumah tanggane wong liya”. Wangsulane Eni sinambi ngelus-elus pundakku. “Suwun ya En, saiki aku dadi sadar yen aku kudu terima kenyataan yen mas Slamet kuwi dudu jodohku. Wis En, aku seneng Galih, ora ngarah aku ngiling-iling jeneng Slamet meneh En.” Jawabku karo guyu sithik.
          Esoke, aku lan Eni lunga mara pasar Pamotan tuku kado kanggo Galih. Najan mung duwik pas-pasan, moga-moga isa entuk barang sing ana ajine sithik. Aku ngenyang jam tangan sing regane telung puluh lima ewu ora diwehke mring bakule. Padahal yen dinalar duwitku mesti akeh kurange. Akhire aku golek bakul liyane. Aku ngerti ana kaos apik, bareng dak takonake bakule jebul regane wolung puluh ewu. Iya bener, lha kaos kuwi mereke cressida. Duwikku malah kurang akeh. Wis pirang-pirang jam aku lan Eni muter-muter pasar durung isa nemokna barang sing cocok kanggo Galih ning regane selawe ewu. Aku wis pegel, ora kuat yen dak terusake mlaku mubeng-mubeng pasar meneh. Aku leren ana ing ngarep bakul es cincau. Aku karo Eni mung bisa ngowoh delok wong-wong sing lagi ngumbe es cincau. Segere yen dak ingeti, nging aku mung bisa ngelek idu. Aku mesakake yen ngingeti Eni, aku sing ngajak dheweke nanging aku ora bisa nukokna panganan. Lha kok mikir panganan, Es cincau wae mung isa dak jak ngelek idu. Batinku pengen nukokna es yen ana turahan saka duwik selawe ewu iki sing dak gegem kawit jam sanga mau. Akhire aku lan Eni mlaku meneh delok-delok menawa ana barang sing regane murah. Ana ing salah sijine toko asesoris lanang utawa distro, aku lan Eni mlebu distro kuwi. Dak delok ana dompet sing tulisane kuwi regane Rp.21.500,00. Aku kaget bareng ngerti rega dompet lanang murahe ngono. Padahal wujude ora elek-elek nemen. Akhire dompet mau sida dak tuku lan dak bayar selawe ewu, duwitku isih ana turahan telung ewu limang atus. Duwik telung ewu isa dak enggo tuku es cincau sing sijine rega sewu limang atus. Yen duwik telung ewu isa entuk loro, sijinan karo Eni. Akhire aku bisa ngrasakake segere es cincau, wis ora usah ngelek idu meneh. Duwik turahanku limang atus mau dak enggo tuku samak kado sing regane limang atus rupiah kanggo bungkus kado.
           Bareng wis tekan omah, aku bungkus dompet sing dak tuku mau ana jero kerdus bekas wadah obat rebondinge Eni. Ora lali aku nyelipna surat cilik sing dak tulis nganggo polpen tinta abang sing unine:
           Iki dina kelahiranmu, aku pengin tetep kaya menkene kahanane. Iki dina spesialmu, nanging aku mung isa menehi barang sing cocok ora cocok mung iki kemampuanku..
Aku uga donga supaya awakmu bisa dadi pribadi sing bisa dibanggakna wong tuwamu, kancamu lan bisa dak banggakna. Muga awakmu seneng kadoku iki”
Saka
Ratna.
Kado wis dak buntel rapi nganggo samak kado sing rada tipis amarga sing kandel regane sewu, ora ngarah cukup duwitku yen tuku sing kandel kuwi. Aku mung kari ngenteni sedina meneh kanggo ngewehna kado iki. Ora ketang aku rada wedi yen dipaido amarga kadoku iki elek, adoh yen dibandingake karo dompete dheweke sing regane atusan ewu. Sedina wis kelakon, iki wektune aku ngewehna kodo iki. Dheweke dak enteni ana ngarep masjid Pamotan sing sadurunge wis dak jak janjian jam sanga esok ketemu ana ing masjid jami’ Pamotan. Bebasan ngenteni wong sing ditresnani, aku sabar ngenteni suwene setengeh jam dheweke lagi tekan ngarep masjid numpak sepeda motor beat putih nganggo kaos sing katon regane ora murah. Tambah mindere atiku ngerti kahanan mengkana, lha wong aku namung nganggo klambi kotak-kotak elek karo celana bodho rong taun kepungkur. Aku langsung wae menehna kado. “Kadone dak bukane saiki ya?” pitakone Galih. “Aja ! aku isin yen awkmu buka kado iki isih ana ing ngarepku, mengko wae yen awakmu wis bali ing omah” Wangsulanku rada gugup. Galih tetep wae ngeyel pengin cepet-cepet buka kadone, kandane dheweke penasaran apa isine kado kuwi. Aku ora bisa nglarang meneh yen dheweke meksa. Akhire Galih buka kado kuwi, bareng kagete Galih yen sawise dibuka kado kuwi jebul-jebul isine dompet sing batine Galih dheweke bisa tuku dompet kuwi mung sakedhipe mata. “Hahahahaha, dompet ngene kok diwehno wong, aku wae isa tuku dompet ngene” wangsulane Galih kaya ngece sing ora sadar wis gawe larane atiku. “ Ya wis, yen kowe ora seneng dompet iku, buaken . Kowe ora ngerti perjuanganku tuku barang iki, aku nyelengi saka diwik turahan sanguku sekolah, aku iki ance anake wong ora duwe, ya mung iki sing bisa dak wenehna maring awakmu. Aku terima yen kowe ora seneng, nanging ajenii wewehanku iki.” Wangsulanku sing meneh-meneh gawe mataku abang branang. “hahahaha, aku mau guyon kok, aja ngamuk to?” wangsulane Gallih sing suwe ora  suwe  gawe atiku rada lega, isih tangan kiwane ngegem tangan tengenku lan tangan tengene ngelus-elus rambutku. Rasane bungahe atiku, ora pengin kahanan kaya mengkene ilang saka paningalku.

Rabu, 13 November 2013


SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO

Jam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.
Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.

Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.

"Dak kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.
"Padhakna pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati.

Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.

"Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.

"Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.

Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung pengasilane
.
"Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.

"Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.
"Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok."
"Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?"
"Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe.

Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki ...

"Mulih saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan.
"Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."
"Ya ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.

"Wedhus ...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!"
"Ssstt ... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin.

Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo.

"Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule.
"Arum ...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring.Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate.
"Ya ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul.
"Kluyuran ...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik.
"Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul.
"Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki kancaku..."
"Aku wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?"

Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.
Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk.
"Ngawur ...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.
Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare.
"Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.
"He'eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?
"Sabar, Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.
Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".

Dening: A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006

Kamis, 07 November 2013

Tembung


Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duwe teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung wod.

Wernane tembung

Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale
Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan (Sisipan),Panambang (Akhiran).
Ater ater

Ater ater Hanuswara

m [m+bathik=mbathik]
n [n+tulis=nulis]
ng [ng+kethok=ngethok]
ny [ny+cuwil=nyuwil]


Ater ater Tripurasa


dak [dak+pangan=dakpangak]ko [ko+jupuk=kojupuk]
di [di+goreng=digoreng]

Ater ater liya
a [a+lungguh=alungguh]
ma [ma+lumpat=malumpat]
ka [ka+gawa=kagawa]
ke [ke+sandhung=kesandhung]
sa [sa+gegem=sagegem]
pa [pa+lilah=palilah]
pi [pi+tutur=pitutur]
pra [pra+tandha=pratandha]
tar [tar+buka=tarbuka]
kuma [kuma+wani=kumawani]
kami [kami+tuwa=kamituwa]
kapi [kapi+temen=kapitemen]

Seselan
um [..um..+guyu=gumuyu]
in [..in..+carita=cinarita]
el [..el..+siwer=seliwer]
er [..er..+canthel=cranthel]

Panambang i [kandh+i=kandhani]
ake [jupuk+ake=jupukake]
ne [teka+ne=tekane]
e [omah+e=omahe]
ane [jaluk+ane=jalukane]
ke [kethok+ke=kethokke]
a [dudut+a=duduta]
na [gawa+na=gawakna]
ana [weneh+ana=wenehana]
en [lepeh+en=lepehen]
ku [buku+ku=bukuku]
mu [klambi+mu=klambimu]
e [omah+e=omahe]


Jinising Tembung

Tembung aran (Kata benda) :
Sakehing tembung kang tuduh arane barang.
[Omah,iman].

Tembung kriya (kata kerja) :

Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
[Turu,mlaku mlaku].

Tembung wilangan (Kata bilangan) :Tembung kang tuduh cacah.
[Siji,separo,kapisan].

Tembung kaanan (kata sifat) :
Tembung kang tuduh kaanan lan watak.
Manggon ing sakmburine tembung aran.
[Gedhe,sregep,abang].

Tembung katrangan (kata keterangan) :
Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
[Angler,cepet].

Tembung tetenger (kata sandang) :
Tembung kang nyandhangi tembung aran.
[Si,sang].

Tembung ancer ancer (kata depan) :
Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
[Lan,ing].

Tembung panyambung (kata sambung) :
Tembung kang kanggo nyambung ukara.
[Dene,nanging].

Tembung sesulih (kata ganti) :
Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
[Aku,iki,apa].Tembung pangguwuh (kata seru) :
Tembung kang tuduh ngudarasa.
[Adhuh,oh].

Ayahane tembung (jabatan kata)
Jejer (Subyek).
Wasesa (Predikat).
Lesan (Obyek).
Katrangan (Keterangan).


1. Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang
[maju (m+aju)]

Tanduk i kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i
[nyirami(ny+siram+i)]

Tanduk ke kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake
[nyelehake(ny+seleh+ake)]

2. Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa :
Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke
[Dikandhani(di+kandha+i)]

Tanggap na :
Tembung sing wenehi seselan in
[Tinuku(tuku+in)]

Tanggap tarung :
Tembung dwilingga diwenehi seselan in
[Gebuk ginebug(gebug gebug+in)]

Tanggap ka :
Tembung sing diwenehi ater ater ka
[kathuthuk(ka+thuthuk)]

3. Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a. Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1) Dwilingga padha swara
Tuladha: bapak-bapak
Bocah-bocah
Guru-guru2) Dwilingga salin swara
Thuladha bola-bali
Mrana-mrene
Wira-wiri
3) Dwilingga semu
Thuladha: ondhe-ondhe
Undur-undur
Andheng-andheng
b. Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha: laku-lelaku
Jupuk-jejupuk
Tuku-tetuku
c. Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha: cekak-cekakak
Cekik-cekiki
Cenges-cengenges

4. Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Camboran wutuh :
Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja
[Sanak kadang].»Yogaswara.
[Dewa dewi].
»Baliswara.
[Mahabarata].

Camboran tugel :
»Tembung garba.
[Yaiku (iya+iku)].
»Keretabasa.
[Wedang (ngawe+kadang)].

Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
[Sakaguru].
Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
[Gedhe cilik].B. Ukara Ukara (Kalimat)
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.


Wernane ukara:

Ukara lamba :
Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
[Bapak sare(jejer+wasesa)].
[Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)].

Ukara elip :
Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
[Klambiku anyar(jejer+katrangan)].
[Nulisa!(wasesa)].

Ukara rangkep
Diarani uga ukara rowa :
Ukara lamba sing dirangkep loro.
[Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi].
[Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah].

Ukara crita (Kalimat tak langsung) :
Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
[Gula iku legi] Ukara kandha (kalimat langsung).Bisa rupa :
a.Ukara pitakon (Kalimat tanya) :
Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
[Jenengmu sapa?].

b.Ukara pakon (Kalimat perintah) :
Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
[Adusa disik!]

c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) :
Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
[Becike perkara iki dirembug].

d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) :
Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
[Kulo aturi ngrantos sakuntawis].

e.Ukara umpama :
Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
[Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh].

f.Ukara pengarep arep :
Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
[Muga muga basa jawa tetep lestari].
g.Ukara janji :
Ukara kang mengku pangebang ngebang.
[Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja]