Rabu, 13 November 2013


SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO

Jam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.
Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.

Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.

"Dak kira nek cuti," cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.
"Padhakna pegawe wae ... Cuti ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati.

Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.

"Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.

"Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.

Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung pengasilane
.
"Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.

"Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.
"Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok."
"Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. "Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?"
"Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe.

Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki ...

"Mulih saiki, apa operasi maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan.
"Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."
"Ya ayo ...!" Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.

"Wedhus ...! Homosex-mu kumat ya, Her ...!"
"Ssstt ... Lor-kulon arah jam sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin.

Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo.

"Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule.
"Arum ...?!" Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring.Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate.
"Ya ampun, Arum ...! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul.
"Kluyuran ...! Padhakna pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik.
"Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute karo mandeng manther praupane Arul.
"Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya ... Kenalke, iki kancaku..."
"Aku wis ngerti, kok," Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?"

Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.
Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" ..." ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk.
"Ngawur ...! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.
Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare.
"Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.
"He'eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,"Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?
"Sabar, Rul ... Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.
Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".

Dening: A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006

Kamis, 07 November 2013

Tembung


Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duwe teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung wod.

Wernane tembung

Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale
Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan (Sisipan),Panambang (Akhiran).
Ater ater

Ater ater Hanuswara

m [m+bathik=mbathik]
n [n+tulis=nulis]
ng [ng+kethok=ngethok]
ny [ny+cuwil=nyuwil]


Ater ater Tripurasa


dak [dak+pangan=dakpangak]ko [ko+jupuk=kojupuk]
di [di+goreng=digoreng]

Ater ater liya
a [a+lungguh=alungguh]
ma [ma+lumpat=malumpat]
ka [ka+gawa=kagawa]
ke [ke+sandhung=kesandhung]
sa [sa+gegem=sagegem]
pa [pa+lilah=palilah]
pi [pi+tutur=pitutur]
pra [pra+tandha=pratandha]
tar [tar+buka=tarbuka]
kuma [kuma+wani=kumawani]
kami [kami+tuwa=kamituwa]
kapi [kapi+temen=kapitemen]

Seselan
um [..um..+guyu=gumuyu]
in [..in..+carita=cinarita]
el [..el..+siwer=seliwer]
er [..er..+canthel=cranthel]

Panambang i [kandh+i=kandhani]
ake [jupuk+ake=jupukake]
ne [teka+ne=tekane]
e [omah+e=omahe]
ane [jaluk+ane=jalukane]
ke [kethok+ke=kethokke]
a [dudut+a=duduta]
na [gawa+na=gawakna]
ana [weneh+ana=wenehana]
en [lepeh+en=lepehen]
ku [buku+ku=bukuku]
mu [klambi+mu=klambimu]
e [omah+e=omahe]


Jinising Tembung

Tembung aran (Kata benda) :
Sakehing tembung kang tuduh arane barang.
[Omah,iman].

Tembung kriya (kata kerja) :

Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
[Turu,mlaku mlaku].

Tembung wilangan (Kata bilangan) :Tembung kang tuduh cacah.
[Siji,separo,kapisan].

Tembung kaanan (kata sifat) :
Tembung kang tuduh kaanan lan watak.
Manggon ing sakmburine tembung aran.
[Gedhe,sregep,abang].

Tembung katrangan (kata keterangan) :
Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
[Angler,cepet].

Tembung tetenger (kata sandang) :
Tembung kang nyandhangi tembung aran.
[Si,sang].

Tembung ancer ancer (kata depan) :
Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
[Lan,ing].

Tembung panyambung (kata sambung) :
Tembung kang kanggo nyambung ukara.
[Dene,nanging].

Tembung sesulih (kata ganti) :
Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
[Aku,iki,apa].Tembung pangguwuh (kata seru) :
Tembung kang tuduh ngudarasa.
[Adhuh,oh].

Ayahane tembung (jabatan kata)
Jejer (Subyek).
Wasesa (Predikat).
Lesan (Obyek).
Katrangan (Keterangan).


1. Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang
[maju (m+aju)]

Tanduk i kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i
[nyirami(ny+siram+i)]

Tanduk ke kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake
[nyelehake(ny+seleh+ake)]

2. Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa :
Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke
[Dikandhani(di+kandha+i)]

Tanggap na :
Tembung sing wenehi seselan in
[Tinuku(tuku+in)]

Tanggap tarung :
Tembung dwilingga diwenehi seselan in
[Gebuk ginebug(gebug gebug+in)]

Tanggap ka :
Tembung sing diwenehi ater ater ka
[kathuthuk(ka+thuthuk)]

3. Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a. Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1) Dwilingga padha swara
Tuladha: bapak-bapak
Bocah-bocah
Guru-guru2) Dwilingga salin swara
Thuladha bola-bali
Mrana-mrene
Wira-wiri
3) Dwilingga semu
Thuladha: ondhe-ondhe
Undur-undur
Andheng-andheng
b. Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha: laku-lelaku
Jupuk-jejupuk
Tuku-tetuku
c. Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha: cekak-cekakak
Cekik-cekiki
Cenges-cengenges

4. Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Camboran wutuh :
Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja
[Sanak kadang].»Yogaswara.
[Dewa dewi].
»Baliswara.
[Mahabarata].

Camboran tugel :
»Tembung garba.
[Yaiku (iya+iku)].
»Keretabasa.
[Wedang (ngawe+kadang)].

Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
[Sakaguru].
Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
[Gedhe cilik].B. Ukara Ukara (Kalimat)
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.


Wernane ukara:

Ukara lamba :
Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
[Bapak sare(jejer+wasesa)].
[Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)].

Ukara elip :
Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
[Klambiku anyar(jejer+katrangan)].
[Nulisa!(wasesa)].

Ukara rangkep
Diarani uga ukara rowa :
Ukara lamba sing dirangkep loro.
[Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi].
[Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah].

Ukara crita (Kalimat tak langsung) :
Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
[Gula iku legi] Ukara kandha (kalimat langsung).Bisa rupa :
a.Ukara pitakon (Kalimat tanya) :
Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
[Jenengmu sapa?].

b.Ukara pakon (Kalimat perintah) :
Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
[Adusa disik!]

c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) :
Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
[Becike perkara iki dirembug].

d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) :
Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
[Kulo aturi ngrantos sakuntawis].

e.Ukara umpama :
Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
[Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh].

f.Ukara pengarep arep :
Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
[Muga muga basa jawa tetep lestari].
g.Ukara janji :
Ukara kang mengku pangebang ngebang.
[Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja]